Contoh Teks Pembawa Acara Atau mc Dalam bahasa jawa

Assalamu’alaikum Wr. wb
بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين و الصلاة والسلام على اشرف الانبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد

Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom KH. Nur Asid Said Tersono ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun.

Dumateng panjenenganipun Bapak sujadi selaku Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa kirig  beserta banom-banomnya, GP. Ansor, Muslimat Fatayat, Rekan-rekanita IPNU-IPPNU Ranting Desa kirig ingkang kawulo hormati.

Dumetang penjenenganipun Bapak kaharyudi selaku kepala Desa Kirig beserta perangkatnya ingkang kito hormati.

Hadirin-hadiro Rohimakumullah.

Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Selapanan Rutin Rebo Manisan NU Ranting Desa Kirig ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.

Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi2 kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin2 ya robbal alamin.

Hadirin-hadirot rohimakumullah
Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara2 ingkang bade kalampah meniko.

Acara ingkang sepindah, pembukaan
Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an
Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia
Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan
Acara ingkang kaping gangsal, istirahat
Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah sekaligus do’a
Acara ingkang kaping pitu-penutup.

Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab.
لرضا الله تعالى ولشفاعة رسول الله صلى الله عليه وسلم

Matur nuwun, mugi-2 kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng Al Ustadz Ikrom, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi2 saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.

Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng .......... dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.

Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan

Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Kirig, Dumateng
Penjenenganipun Bapak Abdul Manan kawulo summanggaaken.
Matur nuwun kawulo sampeaken.

Sambutan ingkang nomer kaleh, saking Kepala Desa Kirig, Dumateng Panjenenganipun Bapak H. Kaharyudi  kawulo summanggaaken.
Matur nuwun kawulo aturaken.

Acara selajengipun, inggih meniko istirahat,
Kangge ngisi wekdal istirahat, dumateng grup rebana al kaukab
Istirahat kawulo cekapaken.

Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng AlMukarom KH. Asid said  saking kirig. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.

Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Comments

Popular posts from this blog

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1

Kebugaran Jasmani Beserta Unsur - Unsurnya

MENGENAL DEPRESI