MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1

MIRENGAKEN SESORAH TATA PENGANTIN JAWA
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XII / 1
Metode                         : Tanya jawab, diskusi, ceramah, drill/latihan
            Alokasi Waktu              : 4 x 45 Menit
  1. I.             STANDAR KOMPETENSI
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
  1. II.          KOMPETENSI DASAR
1.1 Mendengarkan sambutan dalam upacara adat pengantin Jawa yang disampaikan secara langsung atau dalam bentuk rekaman
  1. III.       INDIKATOR
1. Menyebutkan pokok-pokok isi sambutan
2. Merangkum pokok-pokok isi sambutan
3. menyampaikan secara lisan pokok-pokok sambutan dengan menggunakan bahasa krama
4. menanggapi (isi) sambutan  yang disampaikan secara lisan oleh teman sekelasnya
  1. IV.        MATERI PEMBELAJARAN
A. Werdinipun Sesorah
            Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.
Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.
B. Jinising Sesorah
  1. Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.
  1. Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip
Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi.  Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.
  1. Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
  1. Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.
C.  Sangunipun Juru Sesorah
  1. Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
Juru pamedhar sabda  kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora amung waton ngomong.  Mula  kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.
  1. Nduweni Rasa Wani
Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.
  1. Patrap utawa sikep
Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.
Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
  1. Busana lan ngadi sarira
Tegese nalika nindakake ayahankuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.
  1. Basa lan sastra
Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni dening sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing komunikatif, tegese kudu ngilingi:
  • Sapa sing ngajak guneman;
  • Sapa sing diajak guneman;
  • Sapa sing diomonggake;
  • Swasananing nalikaning guneman;
  • Padha mangerteni sing diomongake.
D.  Cengkorongan Sesorah
1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)
6. panutuping atur/salam
V. PENDALAMAN MATERI
Ing ngisor iki ana sesorah utawa sabta tama (ular-ular) ana tata cara temanten Jawa, wacanen kanthi permati !
Sabta Tama (Ular-Ular) Pahargyan Panganten
Assalamu’alaikun Wr.Wb
Alhamdulillahirabbil’alamiin, washolaatu wassa laama’ala asysyrofil ambiyaaki wal mursaliin, wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in. Ama ba’du.
Nuwun!
Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarrsana.
Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan.
Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan saha kalodhangan saengga kula sadaya saged anjenengi ing ratri/siang menika kanthi winantu ing suka basuki lumintua ing salami-laminipun. Amin.
Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulak sarik, dene kula kumantun lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sadaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.
Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekalian, lumantar sedherek Panata Laksita supados paring sabta tamanutawa ular-ular risang penganten sarimbit. Pancenipun awrat amargi dereng drajatkula supados ngaturi ular-ular menika.
Suka wawasan prayoginipun bebrayan utawi ambyurr ing samodraning bebrayan agung jer senadyan kula ing prekawis panggulawentah saestu kantun kalitan nakmas penganten kekalih, ananging prekawis pangalaman kula langkung sepuh sarta langkung rumiyin anggenipun bebrayan, mesthiniipun langkung kathah pengalaman sarta seserapanipun prekawis meniika.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh menapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang luhuring budi, keparenga sami paring pangestu dhumateng kula, supados saged dumugining sedya anggen kula amakili panjenengans adaya, suka wawasan tumrap theg kliweranipun ngambah bebrayan agung menika.
Anakmas temanten kekalih ingkang manggih bagya mulya.
Gegaran tumrap gesang bebrayan menika kedah nindakaken Ma lima, inggih menika saking tembungmlumah, mengkurep, modot, mlebu, lan metu.
Saderengipun kula njlentrehaken, sasampuna panjenengan sampun sami gumujeng sarta kagungan penggalihan bilih tembung-tembung kasebut mengku teges lekoh utawa saru.
Mlumah menika werdinipun nglumahaken tangan, tegesipun remen makarya utawi nyambut damel, minangka lantaran nyenyadhong dhateng Gusti Allah SWT dhawahing rezeki saking panjengan-Ipun.
Sadamel-damelipun dipun tlattosi satemah  ing samangkenipun nggadhahi kesagedan ing satunggaling prekawis, dados nyambut damel menapa kemawon sageda sampun ngantos gontas-gantos pedamelan , ananging salah satunggal dipun antepi sarta dipun udi/dipun redi ingkang saestu.
Mengkurep , tiyang gesang ing alam donya menika remena dhateng weweh utawi tetulung dhateng tiyang sanes, lan suthik pikantuk pangalembana. Kanthi mekaten menawi weweh utawi damel kesaenan dhateng tiyang sanes kaumpamekaken nyimpen sekar ing lemantun wesi, kuncinipun lemantun wau tiyang sanes ingkang bekta sarta bikak, sampun ngantos awkipun piyambak  ingkang mbikak. Menawi ingkang mbikak lemantun (kesaenan) wau tiyang sanes makaten  gandanipin nggambar arum boten badhe ical-ical.
Modod , menika tegesipun sami kaliyan mulur werdinipun tiyang gesang ing alam donya menika kedah tansah mulur utawi kreatif nalaripun manut kemajenganing jaman. Samenika jaman globalisasi, tegesipun jagad ingkang wiyar menika wates-watesipun sampun ical, temahan tiyang sadonya menika saged pados panggesangan ing pundi papan. Kanthi mekaten gesang ing samangke tansaya awrat sesanggenipun, amargi sami lomba kaliyan warga negari manca, boten namung kaliyan warga sanagari. Pramila supados saged gesang ingkang remen kedah jembar wawasanipun satemah gadhah pambudi daya kreatif.
Mlebu, tegesipun saget nampi kemajengan, sedaya ilmu saha ketrampilan, kesagedan menapa kemawon ingkang loyogipun dhateng kesaenan kedah dipuntampi kanthi lila legawaning manah. Upami satunggaling pawongan ingkang pakaryanipun dados pradangga mangka wekdal samangke sampun awis-awis sanget tiyang kagungan kersa utawi gadhah damel sami nggelar gangsa, pramila pawongan mau kedah kupiya pados padamelan sanes minangka sagaking gesang, ugi saged nampi saha purun boten purun nampi kemajengan seni campur sari inggih menika nggabungaken gangsa kaliyan pirantos musik elektronik lsp.
Metu, werdinipun sedaya kesagedan, ngelmi saha ketrampilan ingkan dipungadhahi kedah dipuntindakaken kepara dipuntularaken tiyang sanes. Jer nularaken ngelmi menika ngamal ingkang sae sanget lan pikantukipun lelintu ganjaran sadangunipun ngelmi ingkang dipuntularaken.
Sampun ngantos wegah utawi gadhah ngelmi nanging boten kaamalaken kados ungel-ungelan jarik lawas ing sampiran”, tegesipun ngelminipun muspra boten dipun ginakaken menapa malih dipun tular-tularaken.
Mekaten, atur wawasan ingkang saged kula aturaken mugiia wonten mupangatipun, menawi mekaten menika inggih awit peparingipun Pangeran ingkang amurba amisesa, ananging menawi kathah tuna dungkap menika inggih awit saking cubluk lan cupeting ppemanggih kula.
Wasana jenang sela wader kali sesonderan , apuranta yen wonten lepat kawula.
Akhirulkalam, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.


I. Wenehana tandha ping ana aksara a, b, c, d, e ana ing wagsulan kang paling bener!
1. Ing ngisor iki sing ora kalebu atur kasugengan ana pamedhar sabda yakuwi ….
  1. Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
  2. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
  3. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
  4. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan…
  5. Para rumaja putera lan rumaja puteeri ingkang tansah sinandhing ing Gusti
2. Ing ngisor iki sing  kalebu atur puji sykur dhateng pangeran yakuwi …
  1. Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
  2. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
  3. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
  4. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan…
  5. Para rumaja putera lan rumaja puteeri ingkang tansah sinandhing ing Gusti
3. Dene sing kalebu atur nyuwun pangapunten yakuwi ….
  1. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
  2. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
  3. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan…
  4. Para rumaja putera lan rumaja puteeri ingkang tansah sinandhing ing Gusti
  5. Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulak sarik, dene kula kumantun lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sadaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.
4.   Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekalian, lumantar sedherek Panata Laksita supados paring sabta tamanutawa ular-ular risang penganten sarimbit. Pancenipun awrat amargi dereng drajatkula supados ngaturi ular-ular menika
Perangan ular-ular ing ndhuwur kalebu …
  1. Atur puji syukur
  2. Atur kasugengan kairing atur panuwun
  3. Wedharing gati
  4. Atur nyuwun pangapunten
  5. Panutuping atur
5. Ing ngisor iki sing ora kalebu malimamiturut sesorah ing ndhuwur yaiku….
  1. Mlumah
  2. Mengkurep
  3. Modod
  4. Mlebu
  5. Mangan
6.  Werdine tembung mlumah yaiku….
  1. Remen makarya utawi nyambut damel
  2. Remen weweh utawi tetulung dhateng liyan
  3. Tansah kreatif nalaripun
  4. Saged nampi kemajengan
  5. Ketrampilan/kesagedan ingkang dipun gadhahi dipun tindakaken
7. Dene werdinipun modod inggih menika …
  1. Remen makarya utawi nyambut damel
  2. Remen weweh utawi tetulung dhateng liyan
  3. Tansah kreatif nalaripun
  4. Saged nampi kemajengan
  5. Ketrampilan/kesagedan ingkang dipun gadhahi dipun tindakaken
8. werdine tembung mengkurep yakuwi …
  1. Remen makarya utawi nyambut damel
  2. Remen weweh utawi tetulung dhateng liyan
  3. Tansah kreatif nalaripun
  4. Saged nampi kemajengan
  5. Ketrampilan/kesagedan ingkang dipun gadhahi dipun tindakaken
9. Werdine tembung metu yakuwi ….
  1. Remen makarya utawi nyambut damel
  2. Remen weweh utawi tetulung dhateng liyan
  3. Tansah kreatif nalaripun
  4. Saged nampi kemajengan
  5. Ketrampilan/kesagedan ingkang dipun gadhahi dipun tindakaken
10.  Werdine tembung mlebu yakuwi ….
  1. Remen makarya utawi nyambut damel
  2. Remen weweh utawi tetulung dhateng liyan
  3. Tansah kreatif nalaripun
  4. Saged nampi kemajengan
  5. Ketrampilan/kesagedan ingkang dipun gadhahi dipun tindakaken
11. Tumindak micara kuwi sakabehing pari-polahing manungsa. Sing kalebu polahing manungsa yakuwi … kajaba ….
  1. Obahing peranganing awak
  2. Rasa-pangrasa
  3. Pasuryan
  4. Budi pekerti
  5. Jiwaning manungsa
12.  Sesorah kang katindakake  kanthi nggawe cathetan cilik kanggo pangemut-emut diarani ….
  1. Apalan
  2. Naskah
  3. Dadakan
  4. Impromtu
  5. Ekstemporan
13. Sesorah kang biasa katindakake dening pejabat utawa punggawa nagari yakuwi …
  1. Apalan
  2. Naskah
  3. Dadakan
  4. Impromtu
  5. Ekstemporan
14. Sing ora kalebu sanguning juru sesorah yakuwi ….
  1. Nguwasani bahan
  2. Nduweni rasa wani
  3. Subasita
  4. Patrap utawa sikep
  5. Basa  lan  sastra
15. Basa sing kudu diugemi dening juru pamedhar sabda yaiku … kajaba….
  1. Sapa sing guneman
  2. Sapa sing dijak guneman
  3. Sapa sing digunem
  4. Swasana nalikaning guneman
  5. Cara-carane guneman

II. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki!
1. Pepoyaning               :
2. Sinudarsana               :
3. Panata Laksita          :
4. Theg kliwer               :
5. Pradangga                 :
6.  Suthik                      :
7. Jarik lawas ing sampiran        :
8. Mupangat                  :
9. Tuna dungkap            :
10. Cubluk                    :
MIRENGAKEN CARIYOS WAYANG
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XII / 1
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Alokasi Waktu              : 2 x 45 Menit
===============================================================
  1. I.                   STANDAR KOMPETENSI
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
  1. II.                KOMPETENSI DASAR
Mendengarkan cerita wayang yang disampaikan secara langsung atau dalam bentuk rekaman
  1. III.             INDIKATOR
1. menentukan tema cerita wayang yang didengarkan
2. Menyebutkan pelaku/tokoh dari cerita 3wayang yang didengarkanya
3. menjelaskan perwatakan tokoh-tokoh tersebut
4. menyebutkan setting dengan diberi contoh kalimat pendukungnya
5. Menjelaskan alur cerita wayang yang didengarkanya dengan disertai contoh kalimat pendukungnya
6. menjelaskan amanat yang terkandung dalam  cerita wayang yang didengarkanya
7. menuliskan rangkuman dengan ragam bahasa sendiri/berbeda cerkak yang dibacakan
8. menceritakan kembali secara lisan cerita wayang yang didengarkanya
  1. IV.        MATERI PEMBELAJARAN
A. Silsilah Wayang

B. Cerita wayang babagan mula bukane/laire Pandhawa lan Kurawa asring kito rungokake. Ing ngisor iki Crita wayang kang sesirah Maharsi Wiyasa, wacanen kanthi permati !

MAHARSI WIYASA
            Begawan Abiyasa uga sinebur Sang Maharsi Wiyasa. Ibune Abiyasa asma Dewi Gandawati, atmajane Prabu Wasupati ratu ing Negara Wiratha. Wiwit isih timur Dewi Gandawati diparingake marang Prabu Dasa dening ingkang Rama. Sawise diwasa, Dewi Gandawati kagarwa Begawan Palasara, peputra Abiyasa. Sawise peputra Abiyasa, Dewi Gandawati dipasrahake dening Begawan Palasara marang Prabu Wasupati. Nanging nalika Dewi Gandawati nedya didhaupake Prabu Sentanu, ratu ing Ngastina, Begawan Palasara rawuh ing kedhaton Wiratha nedya mbaleni Dewi Gandawati, satemah Prabu Wasupati kawekon ing penggalih.
Dumadakan Bathara Narada rawuh ing kedhaton Wiratha nemoni Prabu Wasupati, Prabu Sentanu, lan Begawan Palasara. Bathara Narada paring dhawuh supaya Dewi Gandawati di dhaupake karo Prabu Sentanu, nanging Prabu Sentanu kudu masrahake negara Ngastina marang Begawan Palasara. Wiwit nalika iku Sang Palasara jumeneng ratu ing Ngastina jejuluk Prabu Dipakiswara. Mula barengwissawetara warsa anggone jumeneng nata, banjur kalingsirake marang Sang Wiyasa, jejuluk Prabu Kresna Dwipayana, Sang Rancakaprawa hiya jejuluk Sang Sutiknaprawa. Mula jejuluk Sang Kresna Dwipayana awit pakulitane ireng cemani terus ing balung sungsum, mula kawastanan Sang Rancakaprawa jalaran dhangan paring tetulung marang kawulane kang anandhang susah. Mulane jejuluk Sutiknaprawa awit remen nggeganjar sarta agawe senenging atine para kawulane.
            Garwane Sang Kresna Dwipayana kabeh ana telu yaiku:
  • Dewi Ambika, atmajane Prabu Darma Muka ratu ing Negara Kasi, patutan anak lanang pekik, mung cacat wuta wiwit lair, dijenengake Dhestaratra.
  • Dewi Ambalika rayine Dewi Ambika, peputra Pandhu Dewanata
  • Dewi Datri, wanita saka golongan waisya (ing sakawit parekane Dewi Ambika) peputra Widura (Yamawidura).
Ing sadurunge dadi garwane Sang Wiyasa, putri tetelu mau dadi garwane Raden Dewabrata ya Sang Bisma. Nanging gandheng Bisma wadhat, mula penggalihe Dewi Gandawati ya Dewi Setyowati susah banget, awit banjur cuthel ora ana sing nerusake nyambung dharah Barata. Mulane Bisma nuli matur.
“Nuwun sewun Kanjeng Ibu, kepareng kawula ngaturaken tetuladhan, nalika satriya saindenging bawana tumpes-tampis dipun sirnakaken dening Begawan Palasara, nalika semanten para putri garwanipun para satriya punika sami marak dhateng para brahmana, sami nyuwun dipun nugrahani putra. Putra-putrinipun warandhanipun satriya ingkang saking para Brahmana kalawau dados golonganing satriya. Awit saking punika, ing marcapada lajeng tuwuh satriya malih. Kanjeng Ibu, sasampunipun paduka midhanget tetuladhan ingkang mentas kula aturaken, wontena kepareng paduka lajeng kersa milih Brahmana pundi ingkang badhe paduka minta sraya, supados nugrahani putra dhateng Dewi Ambika lan Dewi  Ambalika, kangge nyambet dharah Bharata sampun ngantos kalajeng cures utawi sirna.
Sapari purnanipun atur, Dewi Gandawati ya Dewi Setyawati mak byar, banjur kelingan yen darbe pulunan sadurunge ginarwa ing Prabu Sentanu, yaiku Maharsi Wiyasa, putrane Sang Dewi patutan karo Begawan Palasara. Kawiyos ngendikane Sang Dewi, ‘Kulup wruhanira, ing sadurunge ingsun winengku ramanira, ingsunwisnate kagarwa ing Brahmana pinunjul asma Begawan Palasara. Insunwissesuta siji patutan karo Sang Begawan , peparabe Maharsi Wiyasa. Menawa ndadekake panujuning penggalihmu, Sang Wiyasa  nedya ingsun timbali, bakal ingsun dhawuhi nggarwa Dewi Ambika lan Dewi Ambalika.
Ature Bisma , “Kanjeng Ibu, sakalangkung kapasang yogi, menawi sang Maharsi Wiyasa kersa nggarwa warandha kekalih punika.”
Kacarita Dewi Gandawati ya Dewi Setyawati sakala banjur muja semedi, lenging cipta kang tinuju amung Sang Maharsi Wiyasa. Katarima panedhane sakala mak jleg tanpa weruh sangkane Maharsi Wiyasa rawuh. Sawuse dhinawuwan sandining gati, sang Maharsi Wiyasa gelem lan banjur klakon putri tetelune  pisan kagarwa dening Sang Kresna Dwipayana nganti patutan Dhestarata, Pandhu, lan Widura.
Sawise sawatara warsa , kalenggahaning kraton Ngastina banjur lumengser marang Sang Pandhu. Pandhu kagungan putra Pandhawa lima: Puntadewa, Bratasena, Harjuna, nangkula, lan Sadewa. Jroning kalengjroning kraton ing Ngastina kaparingake marang keng
putra Pandhu Dewanata, Sang Kresna Dwipayana bali mertapa ana ing wukir Retawu hiya Pertapan Wukir Saptaharga. Sang Begawan banget tresnane marang para wayahe, luwih-luwih marang Puntadewa…
Kapethik saka Ps edhisi 44, 3 Nopember 2007












 B. Tembung-tembung kang angel ing ngisor iki golekana tegese ing sajroning kamus!
  • Timur                          =
  • Didhaupake                  =
  • Satemah                      =
  • Kawekon                     =
  • Jumeneng nata =
  • Cemani                        =
  • Atmaja                        =
  • Pekik                           =
  • Wadat                         =
  • Saindenging bawana     =
  • Tumpes tapis                =
  • Warandhaning  =
  • Marcapada                  =
  • Pulunan                       =
  • Sesuta                         =
  • Sandining gati   =
  • Warsa                         =
C. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi cara diskusi karo kancamu nunggal bangku!
  1. Sapa satemene Begawan Abiyasa kuwi?
  2. Kapernah apa antaraning Begawan Wiyasa karo Sang Bisma?
  3. Kepriye watake para paraga wayang ing ngisor iki (miturut wacan ing dhuwur)?
a. Begawan Abiyasa
b. Resi Palasara
c. Dewi Gandawati/Setyawati
d. Prabu Sentanu
4. Gawenen silsilah trah Bharata miturut crita ing dhuwur !
5. Kepriye amanate crita wayang ing dhuwur !
D. Ing ngisor iki ana wacan wayang gombal nganggo basa padinan kang gampang banget  dimangerteni isi lan tegese.
PANDHAWA SUWARGA
Perang Baratayuda Jayabinangun paripurna. Pandhawa lima sing wis rampung nindaki jejibahan ing ngarcapada muksa sak badan wadage, merkahyangan. Bethara Narada minangka Ketua Sekretaris Berrsama Jonggring Saloka wis ngatur, Werkudara, Harjuna, dalah Nakula-Sadewa mangkat dhisik ; dene Puntadewa isih keri ana ngarcapada. Mbokmenawa isih ngenteni giliran. Lha ning apa tinemu nalar, arep merkahyangan kok ndadak nganggo daftar tunggu barang, kaya munggah kaji ing Indonesia.
Bareng wis nitipake si Pantom asu ingon-ingonane, Puntadewa enggal munggah kahyangan, njujug pasuwargan. Jebul kecelik, Pandhawa papat dalah garwane ora ana katon, mangkono uga para putra. Malah ing kono Darmakusuma nyumurupi Trio Ngastina, Prabu Duryudana-Patih Sengkuni-Pandhita Durna; padha nglaras karo macit gedhang goreng unjukane kopi tubruk. Ing ngendi dununge adil? Ingatase Prabu Duryudana cs sing budi candhala ing ngarcapada, malah antuk kasuwargan. Dene kulawarga Pandhawa kang tansah netepi tindak budi rahayu, mandar durung cetha nasibe.
”Pukulun Bathara Narada, kula protes. Pandhawa sing kerja mati-matian, berjuwang memayu hayuning bawana, kok mboten angsal menapa-napa. Niki pripun genahe, kok kaya Andi Malarangeng Partai Demokrat mawon…” kelahe Prabu Dermakesuma.
”Ulun mboya mangerti, elek-eleekkkk. Jeneng kita gugata menyang Bathara Guru, ulun saderma nindakake wajib, elek-elekkk!’  wangsulane dewa model Pulo Kalimantan iku saunine.
”Pripun nakmas Puntadewa? Dilanjut?” pitakone Dewaduta nodhi Puntadewa. Puntadewa ora bisa methuki Bathara Guru, amung di dherekake Dewaduta ajudane Bathara Guru.
”La inggih mbacut, no. Pun tanggung niki,” wangsulane Puntadewa geter.
Laku sabanjure sangsaya gawe mengkirige githok. Puntadewa kudu liwat wot ogal-agil, kang ngisor kebak mawa mangah-mangah.
”Kangmas Puntadewa, kula nyuwun dipun luwari!” sambate Harjuna.
”Mbarep Kakangku, gak kuwat aku. Panas!’ Werkudara uga klojotan kaya cacing kepanasen.
Puntadewa nangis ngguguk jalaran nyumurupi kadang Pandhawa kaya mangkono. Yagene Dewa selak karo janjine sakawit. Kurang apa wong Ngamarta anggone mlaku ing dalan bener, teka dceplungake ana kawah Candradimuka. Suwalike kulawarga Ngastina sing tansah gawe wisuna lan ndhaku darbeking liyan, malah kepenak ana kaswargan. Prabu Puntadewa bali menyang Bale Marcakundha, nyuwun supaya kulawrga Pandhawa dientasake saka kawah Candradimuka. Yen pinangkane ora dituruti angur dheweke uga dicemplungake dadi siji, lebur bareng dhasaring kawah.
”Kaki Puntadewa, kenangapa jeneng kita mrene maneh, eellekkk-eleeekkk!”
”Pukulun Narada, perkawis menika mboten cekap dielekkkk-elleeekkkk mawon. Mesakaken kulawarga Pandhawa yen kedangon wonten Kawah Candradimuka,” pandhesege Puntadewa sajak adreng.
Padha-padha wayang, Puntadewa iku wayang kang paling jujur, ora nate gawe dosa. Mula kelahe ing kadewan enggal antuk kawigaten. Otoritas ing Jonggring Saloka enggal ndhawuhake PK (peninjauan Kembali) perkarane Pandhawa sakadang. Wusana Bathara Darma enggal  ngadhemake hawa panas ana kawah Candradimuka. Wusanane kulawarga Pandhawa dientasake saka kawah candradimuka, dipindhah ana papan panggonan kang kaline mili susu lan temboke gemblong/jadah Kosokbaline kulawarga Kurawa dipindhah ana kawah Candradimuka.


E. Wangsulana pitakon ing ngisor!
  1. Sapa  sing ngatur muksane para Pandhawa kang antri mlebu kahyangan?
  2. Kepriye urut-urutane ?
  3. Kenangapa Puntadewa kepengin kepangging Bathara Guru?
  4. Kenangapa panyuwune Puntadewa kinabulan?
  5. Kepriye wusanane crita wayang ing ndhuwur!
V. PENDALAMAN MATERI
Ing ngisor iki ana crita wayang (kalebu Mahabharata), wacanen kanthi permati !

ANTAREJA
            Asma pepake Raden Antareja ya Raden Anantareja. Isih wayahe Dewa ing kahyangan Saptapratala ya Sanghyang Anantaboga. Ibune akekasih Dewi Nagagini. Dene ingkang ngukir jiwa ragane Raden Antareja iku satriya ing Munggulpamenang Raden Harya Sena. Apa sebabe Raden Harya Sena bisa tekan Saptapratala, critane mangkene.
Ing nalikaning Kurawa nganakake pista ing Bale Sigala-Gala, Pandhawa diundang dalasan Dewi Kunthi, nanging bale  wewangunan kang dienggonidening para Pandhawa digawe saka kayu lan kertas kang gampang kobong. Hamung diwangun memper kayu, dicet, lan diplitur sing apik. Jroning pista mau Pandhawa diaturi dhaharan kang wis dibumboni racun, mangkono uga unjukane, ya wis dicampuri racun. Nanging Sang Harya Sena waspada. Dheweke ora gelem mangan lan ya ora gelem ngombe. Malah diisin-isin karo Dursasana barang meksa ora gelem mangan lan ora gelem ngombe.
Kacarita para Pandhawa wis padha mendem, dalasan Dewi Kunthi barang ya melu mendem, dumadakan ora weruh sangkan paraning bilahi ana geni nyaut bale wewangunan kang dipanggoni dening para Pandhawa. Kagegeran, gugup,sigra sang Harya Sena kang cukat trengginas sigra mbopong Dewi Kunthi dalasan adhi-adhine digawa mlayu. Kocapa sajroning bingung ana kang nuduhi dalan yaiku garangan putih kang lakune banjur anjlog ing Kahyangan Saptapratala iku. Sawise padha diwaluyakake dening Sanghyang Antaboga, sarembug suntara wektu ngaso dhisik ing Saptapratala, kang wusanane Raden Harya Sena dipundhut mantu di dhaupake karo Dewi Nagagini. Lan ora suwe Pandhawa banjur nyuwun pamit bali, Dewi Nagagini tinilar ing kahyangan wis ana sajroning kahanan nggarbini.
Bareng tekan leking jabang bayi , babar miyak langse mandhala giri, brol cenger miyos kakung. Dening kang eyang diparingi asma Raden Antareja. Sanalika den dus bayu gege walagang gelis gedhe, glewo-glewo. Raden Anantarejo bergas, dedeg pidegsa,dening ingkanh eyang wineleg sakeh ngelmu kadigdayan, kanuragan, kawruh kasepuhan, pinaringan upas kang mandine kagila-gila. Bareng wis tekan diwasa kasektene wis ora nguciwani, nuli takon marang ibune sapa kang sejatine ngukir jiwa ragane . Banjur dijarwani sapa sejatine ramane iku isih trahing kusuma rembesing madu, satriya ing Munggul Pamenang kekasih Raden Harya Sena. Mula Antareja banjur nyuwun pamit bakal ngabekti lawan ingkang rama. Nalika semana mbarengi ing kasatriyan Madukara ana kedadeyan Retna Wara Sumbadra seda diprajaya dening duratmaka. Kuwandhane kapapanake ing sajroning prau, rinenggo rengga kadidene penganten, dijaga dening Raden Harya Gathutkaca saka dirgantara.
Kacarita lakune Raden Anantareja jumedhul saka pratala tiba ing pinggire Begawan Swilugangga, panggonane prau kang momot layone Dewi Wara Sumbadra. Sarehne ana kahanan kang nyalawadi, Raden Antareja kepingin sumurup apa isine prau mau, banjur dititi priksa, lan nuli weruh layon. Ketang gedhe rasa kamanungsane, layon banjur diuripake. Sawise waluyo jati nuli tetepungan, yen garwane satriya ing Madukara, Raden harjuna lan genti yen dheweke putrane satriya Pandhawa Raden Harya Sena…..
                                                            Kapethik saka PS edhisi 50, 15 Desember 2007

                                                                      

    I. Wenehana tandha ping ana aksara a, b, c, d, e ana ing wagsulan kang paling bener!
 1.  Crita wayang ing dhuwur nduweni alur ….
  1. Lurus
  2. Mundur
  3. Maju mundur
  4. Mundur maju
  5. Maju
2. Ing ngisor iki latar kedadeyan crita ing dhuwur kajaba ….
  1. Kasatriyan Madukara
  2. Bale Sigala-Gala
  3. Kahyangan Saptapratala
  4. Bengawan Swilugangga
  5. Negara Ngamarta
3. Ramane Antareja paring asma…
  1. Raden Harya janaka
  2. Raden Harya Sena
  3. Raden Puntadewa
  4. Raden Nangkula
  5. Raden Sadewa
4. Ing ngisor iki watake para Kurawa ….
  1. Licik, duraka, sareh, seneng maeka
  2. Licik, duraka, seneng pista, aweh pitulungan
  3. Licik, seneng pista, seneng maeka, duraka
  4. Licik, duraka, seneng maeka, loma
  5. Licik, seneng maeka, loma, tresna marang sedulur
5. Sing kalebu watake Raden Harya Sena… kajaba….
  1. Satriya pinunjul yuda
  2. Tresna marang sedulur
  3. Ngabekti marang wong tuwa
  4. Adigang, adigung, adiguna
  5. Sekti mandraguna
6.Janaka kuwi kapernah … karo Antareja.
Tembung kang trep kanggo ngisi ukara gothang ing ndhuwur yaiku ….
  1. Paman
  2. Ponakan
  3. Putu
  4. Anak
  5. Uwa
7. Dene Ibu Dewi Kunthi kuwi kapernah … karo Sanghyang Antaboga.
Tembung kang trep kanggo ngisi ukara gothang ing ndhuwur yaiku ….
  1. Maratuwa
  2. Besan
  3. Mantu
  4. Misanan
  5. Ponakan
8. Dewi Wara Sumbadra kuwi garwane ….
  1. Raden Puntadewa
  2. Raden Haryasena
  3. Raden Janaka
  4. Raden Nangkula
  5. Raden Sadewa
9. Ana crita wayang Maharsi Wiyasa, Begawan Abiyasa kagungan garwa kang aran …kajaba…
  1. Dewi Ambika, Dewi Ambalika, Dewi Datri
  2. Dewi Ambika, Dewi Amba, Dewi Ambalika
  3. Dewi Amba, Dewi Ambika, Dewi Datri
  4. Dewi Ambalika, Dewi Kunthi, Dewi Ambalika
  5. Dewi Amba, Ambalika, Dewi Setyawati
10. Resi Bisma wadat, mula penggalihe Dewi Gandawati susah banget. Wadat tegese ….
  1. Seneng ngrokok
  2. Ora ngrokok
  3. Seneng ngombe
  4. Seneng kawin
  5. Ora kawin
11. Pandhu Dewanata kuwi patutane Resi Abiyasa karo garwane kang aran ….
  1. Dewi Amba
  2. Dewi Ambika
  3. Dewi Ambalika
  4. Dewi Datri
  5.  Dewi Kunthi
12. Dene Resi Abiyasa kagungan putra kang mijil saka garwa aran Dewi Ambika yaiku
  1. Destarata
  2. Pandhu Dewanata
  3. Widura
  4. Yamawidura
  5. Bharata
13. Ing ngisor iki dasanamane marcapadayaiku ….
  1. Bantala
  2. Wiyati
  3. Bawana
  4. Kartika
  5. Dirgantara
14. …banjur kelingan yen duwe pulunansadurunge ginarwa ing Prabu Sentanu, yaiku Maharsi Wiyasa. Dasanamane pulunan yaiku … kajaba….
  1. Suta
  2. Sunu
  3. Siwi
  4. Anak
  5. nami
15. Ing ngisor iki watake Bisma kajaba ….
  1. Sareh
  2.  Sekti mandraguna
  3. wicaksana
  4. narima ing pandum
  5. ngaya
II. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki!
  • Cukat trengginas                       =
  • Wusanane                                 =
  • Langse mandhala giri                 =
  • Diprajaya                                  =
  • Duratmaka                                =
  • Waluya jati                                =
  • Dirgantara                                =
III. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1. Kepriye watake Raden Harya Sena? Wenehana ukara kang nuduhake watak kuwi!
Wangsulan:____________________________________________________________________________________________________________________________________________
2. Ana ngendi Bale Sigala-Gala kuwi?
Wangsulan : ______________________________________________________________________________________________________________________________________________________
3. Kepriye watake Dursasana kuwi ? Sapa satemene Dursasana kuwi ?
Wangsulan : ________________________________________________________________________________________________________________________________________________——————————————————————————————————————————————————————————————————————————–
4. Kapernah apa antaraning Antareja klawan Gatotkaca ? Terangna!
Wangsulan: ________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
5. Apa amanate crita ing ndhuwur?(Antareja)
Wangsulan: ______________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
MACA WACAN MAWA AKSARA JAWA
            Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XII / 1
Metode             : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Alokasi Waktu  : 4 x 45 Menit
================================================================
  1. I.                   STANDAR KOMPETENSI
MEMBACA
Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca..
  1. II.                KOMPETENSI DASAR
Membaca nyaring wacana berhuruf Jawa 20-25  kalimat

  1. III.             INDIKATOR
  1. Melakukan transliterasi pada wacana berhuruf jawa
  2. Membaca wacana berhuruf jawa dengan pemenggalan dan  intonasi/pelafalan yang tepat.
  3. Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan bacaan
  4. Menulis wacana berhuruf latin ke daam wacana berhuruf Jawa.
  5. Menyunting tulisan waacana berhuruf jawa yang ditulis teman

IV.  MATERI PEMBELAJARAN
A. Maca aksara Jawa 
Ing ngisor iki ana wacan nganggo aksara Jawa. Coba owahana tulisan aksara Jawa mau nganggo aksara latin, banjur tembung-tembung kangwis kok owahi nganggo aksara latin mau rakiten saengga dadi ukara kang mathuk!
A. ?gL[d[nMosHkSrjw.
?[ali[kopTe/mili[t/ce[bLokM[nh.
?[ali[kopTe/pumA=ktTnHudrce[bLokHi=lp=znUdrAt=sevJy
[bo[go/,jwbrt\,jemuwhj[mLo[roawn.kcilknMauvebB[kp]juritPptTiws\[f[nteluliy[nnnD=ttua[bot\,
ku/bnTiwsYaikupi[lotM[yo/[!obicP+nni,[kopi[lo[tLtTuWisNu,[s/kctu/l[nLtT|ffi.[ali[kopTe/mili[t/mau[c[bLokRiklninFkK[k[tsMesinHi=At=SevJy.P=lim[kom[nDoOpersiA=ktTn\Udrm/seklPe/tmImmSp+AtZnD/r[k,pumaikulgiw[at[kOf+\spe/lu[tsMbu/.nlikduwu/{r[hlisi=ze[mo[tW=opitukuwilgi[anTuk\:20:[m[t/.
Wangsulan :
________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
B. ?pe/dnmenTerim[lsiyhkece[nQokP=rs[n.
? pe/dnmenTerim[lsiyhdtuk\$erinjibTnRj+kKece[nQokRsp=
rs[nfupizuni=zniauvJ|kRsanTim[lsiyhk=avJ]hai=I[nDo[nssiyhak+i/ak+i/aiki.tunHmBiji,auvJ|kRsmauwis\zLiwtTiwtes HwitZinnr=si[mbo[lLnegr,ky[f[n[zo[bo=ge[nFr[nnegrm[lsiyhs/tamBl=zik[nT/okedutanBes/m[lsiyhai=jk/tz=[go [ko[to/r[nmnu=s.tunHnDesegP}si[dn\$usi[lobmB=yu[do
[yo[notumulia[whpaukumMnMr=pr[d[monS]nSi=ka= gepNerk Subsitmau.[ynP}si[d[nHor[m[nhais=si,tu[nHort=gu=jwbMr=nepSu[nw/gm[lsiyh.
?kysi=wisKwuni=zn\[d[mo[d[moanTim[lsiyhaikufisebbB
[k[fni=tuminf[kKpulisifirjm[lsiyhk=n=kepPetugsDinsKel autTnlnPeriknNnKepu[lownRi[yo.
Wangsulan :
_______________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
V. PENDALAMAN MATERI
Aksara Jawa ing ngisor iki wacanen banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisore!
?I[nDo[siyhlnM[lsiyhtetepMit].
?tilsPe/dnmenTerim[lsiyh,mati/[moamMf\mi=gu:29:Agu
sTus\,znD/r[k,axpPfikep]i[ykK[kw[aI[nDo[nsiyh aisihtetepiMt]rketT|m]pM[lsiyhsenjnHk+i/ak=i/aikim]nTkHuv|JkRsgv=m[lsiyh.miturutMati/,auvJ|kRsanTim[lsiyh ksebu[tHormkilisike[pPm[yoritsMs+rkt\I[nDo[nsiyh awitPelkuauvJ|kRsmu=p[wo=znSgLinTi/.maqi/anF|gpelkuau vJ|kRsmauktinFkK[kz=[goAftKetimu/rns[a=[go[aormlh [m]o[p+oksikne[pSo[nNw/gnegrm[lsiyh.
?wkilKetuw[komisi:1:”DPR” #ubgusHsnudinBlikVe[moni[yn HvJ]h[a[d[monT]sianTim[lsiyhmaufisebbB[ksike[pPpulisim[lsiyhsi=afig=lnHfigu=.tuminF[kKpulisifirjm[lsiyh si=n=kepPetugsDinsKelautTnLnPeriknNnKepu[lownri[yoswtr wekT|kepu=ku/ .

I. Wenehana tandha ping ana aksara a, b, c, d, utawa e ana wangsulan kang paling bener!
1. Irah-irahan crita ing ndhuwur  yaiku
  1. Indonesiyah lan Malaisiyah tetep mitra
  2. Indonesia lan Malesia tetep mitra
  3. Indhonesiyah lan Malesiyah tetep mitra
  4. Indhonesiyah lan Malaisiyah tetep mitra
  5. Indonesia lan Malesia tetep mitera
2.  Arane tilas menteri Malesia sing nyaruwe babagan sesambungan antaraning Indonesia lan Malesia yakuwi ….
  1. Mahatir Muhamad
  2. Sri Najib
  3. Tun Abdul Razak
  4. Abdur Rahman
  5. Sri Najib Abdul Razak
3. Kapan Perdana menteri Malesia kuwi yaruwe babagan sesambungan antaraning Indonesia lan Malesia?
  1. 26 Agustu
  2. 27 Agustus
  3. 28 Agustus
  4. 29 Agustus
  5. 30 Agustus
  1. Miturut wacan ing ndhuwur, Wakil Ketua Komisi 1 DPR asmane …
  1. Tubagus Hasanudhin
  2. Tubagus Khasanudin
  3. Tubagus Hasanudin
  4. Tubagus Khasanudhin
  5. Tubagos Hasanudin
5. Miturut Wakil Ketua Komisi 1 DPR, sing njalari anjrahe unjuk rasa anti-Malesia yakuwi ….
  1. Anane wong kang nerak adat katimuran
  2. Diprovokasi dening pawongan saglintir
  3. Sikepe pulisi Malesia sing adigang lan adigungke
  4. Sikepe petugas kelautan lan perikanan Riau kang murang tata
  5. Mung salah faham wae babagan wates Indonesia – Malesia
6. Dene yen miturut Perdana Menteri Malesia, unjuk rasa kuwi disebab….
  1. Anane wong kang nerak adat katimuran
  2. Diprovokasi dening pawongan saglintir
  3. Sikepe pulisi Malesia sing adigang lan adigungke
  4. Sikepe petugas kelautan lan perikanan Riau kang murang tata
  5. Mung salah faham wae babagan wates Indonesia – Malesia
Aksara Jawa ing ngisor iki wacanen banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisore!

?r,r,I,giyrnHi=tpelWtes\I[nDo[nsiyh.
?XmBgpeviarnPubLikRdi[yoI[nDo[nsiyhwiwitZ|mnD=z[kgiyr[nNai=[bop+enDigul\ppuak=[gove=kuyu=[p]og]mSbukPezmn\I[nP+/omsi.pm[rnThanF|[wnit/[gt\taun\:2010:me=[kok[bhwilyhtpelWte[sSI[nDo[nsiyhbisz([zokK[kgiyr[nNr,r,I,
di[rkT|/autmr,r,I,p/!iafim][tlkK[k,[p]og]mKsebutWisKwiwitTnBx=k[roz}[sMkK[ksT|di[yo[p]odukSisiyrn\r,r,I,ai=EnTi
[k=o,tpelWte[sSr,I,ml[asiyh[wtn\[dkT=gl\:15:juli
:2001:.
?kjb[enTi[k=o,pm[rnThauga=z}[sMkK[kpemvC/rilai[p]og]mM:1:ai=bukitL=kisaukbu p[tnPesisi/seltnS/tpemvC/rilai[p]og]mM:3:ai=k bup [tnD/ms]y,sumterbrt\,
7. Sing giyaran ing tapel wates Indonesiia yakuwi ….
  1. TVRI
  2. RRI
  3. RRB
  4. TV7
  5. TVB
8.  Tapel wates kang sinebut ana wacan ndhuwur yakuwi ….
  1. Boven Digul
  2. Malesia
  3. Papua
  4. Kalimatan Timur
  5. Serawak
9. Program kuwi kanggo nyengkuyung program apa?
  1. Memitran kang meh pedhot
  2. Kerja sama militer
  3. Moncerake panguwasane Indonesia
  4. Nandhingi kridhane Malesia
  5. Program Sabuk Pengaman
10. Kapan program kuwi kawiwitan?
  1. 11 Juli 2010
  2.  12 Juli 2010
  3. 13 Juli 2010
  4. 14 Juli 2010
  5. 15 Juli 2010
II. Wacan aksara jawa ing Romawi I kuwi tulisen nganggo aksara latin!
A. ________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________

B. __________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________




































PASRAH  LAN  PANAMPI LAMARAN
CALON PENGANTEN
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XII / 1
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Alokasi Waktu              : 4 X  45 Menit
================================================================
  1. I.                   STANDAR KOMPETENSI
BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa

  1. II.                KOMPETENSI DASAR
Menyampaikan sambutan dalam bentuk  pasrah penganten atau panampi pasrah penganten dalam upacara adat pengantin Jawa
  1. III.             INDIKATOR
  1. Bersama kelompok menentukan unsur-unsur yang terkandung dalam sambutan bentuk  pasrah penganten atau panampi pasrah penganten dalam upacara adat pengantin Jawa
  2. Bersama kelompok menyusun kerangka sambutan bentuk  pasrah penganten atau panampi pasrah penganten dalam upacara adat pengantin Jawa bentuk  pasrah penganten atau panampi pasrah penganten dalam upacara adat pengantin Jawa
  3. Bersama kelompok menyusun naskah sambutan bentuk  pasrah penganten atau panampi pasrah penganten dalam upacara adat pengantin Jawa
  4. Perwakilan kelompok memeragakan naskah sambutan bentuk  pasrah penganten atau panampi pasrah penganten dalam upacara adat pengantin Jawa
  5. Memberikan tanggapan terhadap peragaan yang dibawakan oleh perwakilan kelompok lain

IV.MATERI PEMBELAJARAN
A.  Atur Pasrah Lamaran Calon Penganten
Pasrah lamaran calon penganten kalebu salah sijining sesorah. Babagan sing magepokan karo theg kliwere sesorahwiskaterangake ing ndhuwur mula saka kuwi, ing ngisor iki diwedharake tuladhane atur pasrah penganten. Simaken kanthi setiti!
a. Tuladha Atur Pasrah Penganten
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepoyaning kautamen, saha pantes tinulad tuwin kinabekten, menapa dene panjenenganipun para tamu putri miwah kakung ingkang saestu pantes nampi ing boja krami.
Kanthi tansah angunjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun, mugia tansah rahayu sagung dumadi ing salami-laminipun, kalebet kula panjenengan sedaya. Amin. Amin Ya Rabbal ‘Alamiin.
Nuwun sewu mugi  tansah tinebihna saking tulak sarik menapa dene bebendu, dene kula cumanthaka kumawantun marak sowan anggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg samya eca pangandikan, inggih awrat mundhhi dhawuh tinimbalansaking Bapak-Ibu … saperlu angyangkul jejibahan luhur minangka duta saraya sulih sarira Panjenenganipun Bapak/Ibu …. Ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan,  kula minangkasulih sarira aking saking panjenenganipun Ibu/Bapak … ingkang sepisan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumrambah para keluarga samudayanipun, dene dhumateng para pinisepuh ngaturaken sungkeming pangabektos.
jangkep angka kaping kalih, ing nguuni sampun wonten pirembagan ing antawisipun Bp/Ibu …, anggadhahi putra kakung sesilih pun Bagus … kaliyan Bapak/Ibu … ingkang kagungan putra-putri asesilih gendhuk … golong giliging rembag nedya anuntumaken balung pisah daging renggang, bebasan angebun-ebun enjang anjejawah sonten (saking tembung awun-awun lan rarabi), andhodhok ing latar andhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe , kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun sami pepetangan anunggil cipta, rasa miwah karsa, ingkang menika saking adrenging manah panjenenganipun Bapak/Ibu … anggenipun katampi panglamaripun pramila iing wekdal menika ngaturaken sarana miwah upakarti minangka jangkeping tata cara sesemahan.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Ibu/Bp … inggih punika :Sanggan sahamajemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya minangka sarana sahipun sesanggeman saha raketing kekadangan, satemah boten pisah ing salami-laminipuun.
  • Ageman ingkang awujud … minangka cihnaning katresnanipun Bapak/Ibu … kangge calon putra pinanganten inggih yoganipun Ibu/Bp … pun gendhuk ….
  • Ndungkap atur angka tiga boten kesupen Bapak/Ibu … ngaturaken dana wujudipun arta , kenginga kadamel angentheng-ngenthengi anggenipun Ibu/Bapak …anetepi darmaning asepuh inggih amengku gati amiwaha putra.
Kajawi menika, panyuwunipun Bapak/Ibu …, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna sarta kapanggihna miturut satataning agami saha adapt ingkang sampun kalampah wonten ing mriki wiwitt alam kuna ing uni.
Minangka pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalahh upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Akhirul kalam, wa billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.Nuwun.
b. Tembung-tembung ing ngisor iki golekana ttegese ana ing Bausastra!
  • Tinulad : ________________________
  • Boja krami        : ________________________
  • Bebendu           : ________________________
  • Cumantaka       : __________________________
  • Anggempil        : _________________________
  • Sumrambah       : _________________________
  • Upakarti           : _________________________
  • Sesemahan       : __________________________
  • Wardaya           : __________________________
c.  Wangsulana pitakon ing ngiisor iki!
1.  Atur Pasrah Lamaran ing ndhuwur nduweni unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning sesorah. Kandhutan unsur-unsur mau jlentrehake!
Wangsulan        : ________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
2. Gawenen karo kanca sabangkumu cengkorongan atur pasrah lamaran penganten !
Wangsulan        : __________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
3. Paragakake atur pasrah lamaran panganten kuwi. Bijinen kanthi ngisi kolom-kolom ing ngisor iki!
No
Uraian
Kriteria Ketepatan
Benar
Setengah
Salah
1
Penampilan/patrap
25
12,5
5
2
Lafal
25
12,5
5
3
Intonasi
25
12,5
5
4
Ekspresi
25
12,5
5
B.  Panampi Pasrah Lamaran
Yen ana atur pasrah lamaran mesthine uga ana panampi pasrah lamaran calon penganten. Panampi pasrah lamaran calon pengantten ora beda adoh karo atur lamaran . ing ngisor iki ana tuladha panampi pasrah lamaran. Wacanen kanthi setiti.
a.  Panampi Pasrah Lamaran Calon Penganten
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Dhumateng panjenenganipun Bapak … (ingkang nyalirani pasrah) ingkang sampun kepareng anyalirani pangandikanipun Bapak … sekaliyan, minangka duta sraya (badhe kadang besan), ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.
Kanthi raos kurmat saha nyuwun sewu agunging pangaksama, inggih awit muundhi dhawuh timbalanipun raka … sekaliyan (ingkang mengku karya), awit keparengipun, kula piniji minangkka tetalangiing atur, supados anampi menggah wosing atur linambaran osiking manah ingkang luhur panjenenganipun Ibu/Bapak …, lumantar panjenengan.
Minangka purwaning atur, senadyan sampun kepara kasep angambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang ingkang tanpa pepindhan dene tindak panjenengan sampun kasembadaning sedya, kanthi manggih kawilujengan datan wonten pringga bayaning marga.
Salajengipun, sanget katampi kanthi gumbiraning manah, atur salam taklim sarta sungkem pangabektos saking panjenenganipun badhe calon besan lumantar panjenengan, salajengipun dhumawaha sami-sami lan samangke kaaturna wangsul.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jangkeping salaku rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, samangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bpak … sekaliyan. Boten sanes Ibu/Bp …, namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparingipun badhe calon kadang besan, pratandha yekti kasoking sih katresnan dhumateng Bapak/Ibu … sekaliyan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami anetpi darmaning asepuh anggenipun ngentas pitulus putra lan tansah manggih raharja tuwin bagya mulya.
Makaten, atur panampi saking Bapak … sekaliyan, lumantar kula, saha ngaturi uninga bilih sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab sahakabulsarta panggih, dipunsuwun panjenenganipun Bapak … sekaliyan  wontena keparengipun anjenengi saha paring donga pangastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, mbokbilih menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sedaya, mugi tansah paringa sih samodra pangaksami. Semanten ugi kula, minangka tetalanging basa mbokbilih galap-gangsuling atur saha kiranging subasita, kupat duduhe santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam, Wa bilahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun!
b.  Tembung-tembung ing ngisor iki golekana tegese ing Bausastra!
  • Nyalirani           : _____________________
  • Duta saraya      : _______________________
  • Mengku karya   : ________________________
  • Tetalanging atur            : __________________________
  • Wahyaning mangsa       : ___________________________
  • Boja krami        : _________________________________
  • Galap gangsul    : _________________________________
c.  Wangsulana pitakon ing ngiisor iki!
1.  Panampi pasrah Lamaran ing ndhuwur nduweni unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning sesorah. Kandhutan unsur-unsur mau jlentrehake!
Wangsulan        : ________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
2. Gawenen karo kanca sabangkumu cengkorongan panampi pasrah lamaran penganten !
Wangsulan        : __________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
3. Paragakake panampi  pasrah lamaran panganten kuwi. Bijinen kanthi ngisi kolom-kolom ing ngisor iki!
No
Uraian
Kriteria Ketepatan
Benar
Setengah
Salah
1
Penampilan/patrap
25
12,5
5
2
Lafal
25
12,5
5
3
Intonasi
25
12,5
5
4
Ekspresi
25
12,5
5

V. PENDALAMAN MATERI

I. Wenehana tandha ping ana aksara a, b, c, d, e ana wangsulan kang bener !
1. Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepoyaning kautamen, saha pantes tinulad tuwin kinabekten, menapa dene panjenenganipun para tamu putri miwah kakung ingkang saestu pantes nampi ing boja krami.
Perangan atur pasrah lamaran ing ndhuwur kalebu ….
  1. Salam pambuka
  2. Atur puji syukur
  3. Atur kasugengan kairing atur panuwun
  4. Wedharing gati
  5. Atur nyuwun pangapunten
2.Kanthi tansah angunjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun, mugia tansah rahayu sagung dumadi ing salami-laminipun, kalebet kula panjenengan sedaya. Amin. Amin Ya Rabbal ‘Alamiin.
Perangan atur pasrah lamaran ing ndhuwur kalebu ….
  1. Salam pambuka
  2. Atur puji syukur
  3. Atur kasugengan kairing atur panuwun
  4. Wedharing gati
  5. Atur nyuwun pangapunten
3. Nuwun sewu mugi  tansah tinebihna saking tulak sarik menapa dene bebendu, dene kula cumanthaka kumawantun marak sowan anggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg samya eca pangandikan, inggih awrat mundhhi dhawuh tinimbalansaking Bapak-Ibu … saperlu angyangkul jejibahan luhur minangka duta saraya sulih sarira Panjenenganipun Bapak/Ibu …. Ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan,  kula minangkasulih sarira aking saking panjenenganipun Ibu/Bapak …
Perangan atur pasrah lamaran ing ndhuwur kalebu ….
  1. Salam pambuka
  2. Atur puji syukur
  3. Atur kasugengan kairing atur panuwun
  4. Wedharing gati
  5. Atur nyuwun pangapunten
4. Ing ngisor iki sing kalebu wangsalan sing lumrahe dianggo ana atur pasrah lamaran …
  1. Ngebun-ebun enjang anjejawah sonten
  2. Nginang jambe suruhe
  3. Satemah adamel runtiking wardaya
  4. Jenang sela wader kali sesonderan
  5. Kupat duduhe santen
5. Ing ngisor iki sing kalebu wangsalan sing lumrahe dianggo ana panampi pasrah lamaran …
  1. Ngebun-ebun enjang anjejawah sonten
  2. Nginang jambe suruhe
  3. Satemah adamel runtiking wardaya
  4. Jenang sela wader kali sesonderan
  5. Kupat duduhe santen
5. Ing ngisor iki sing kalebu parikan sing lumrahe dianggo ana atur pasrah lamaran …
  1. Ngebun-ebun enjang anjejawah sonten
  2. Nginang jambe suruhe
  3. Satemah adamel runtiking wardaya
  4. Jenang sela wader kali sesonderan
  5. Kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun pangapunten
PITUTUR LUHUNG ING PEWAYANGAN
            Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XII / 1
Metode             : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Alokasi Waktu  : 4 X  45 Menit
================================================================
  1.        I.      STANDAR KOMPETENSI
BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
  1.     II.      KOMPETENSI DASAR
Mendiskusikan pitutur luhur yang terkandung dalam cerita wayang
  1.  III.      INDIKATOR
  1. Mendiskusikan unsur-unsur yang termasuk pitutur luhur yang terkandung dalam cerita wayang yang disajikan
  2. Mengaitkan  pitutur luhur yang terkandung dalam wayang dalam kehidupan sehari-hari
  3. Memberikan contoh pitutur luhur dalam kehidupan sehari-hari yang sesuai dengan pitutur luhur yang terdapat dalam cerita wayang yang disajikan
IV.MATERI PEMBELAJARAN
  1. PITUTUR LUHUNG ING TANAH JAWA
Budaya jawa ngono ora mung moncer ing babagan wujude sing akeh lan maneka warna (kayata: wayang, kethoprak, ludruk, sintren, jinis-jinis tarian, gendhing-gendhing jawa lsp.). ananging uga kebak piwulangan kang ngemu pitutur luhur. Utamane ana pawayangan.
Pitutur luhur kang kinandhut ana kabudayan kuwi ing antaraning ing ngisor iki.
  • Ambeg, adil paramarta, memayu hayuning bawana
Ana tanah Jawa, ana kapitayan ngenani  pulung utawa wahyu cakraningrat. Iki gegayutan karo satunggaling panguwasa utawa kekuasaan. Pulung kuwi diyakini mung ana ing sijining pawongan ora angger pawongan antuk utawa nduweni pulung. Mula saka kuwi, pawongan kang ketiban pulung kudune nggunakake kanthi becik, pawongan kuwi nduweni kuwajiban moral njejegake katentremaning negeri.
Ambeg adil paramarta, memayu hayuning bawana nduweni teges dadi panguwasa kuwi kudu bisa laku adil, ora pilih kasih, lan tansah njaga katentremaning praja. Kanggo bab-bab tertemtu panguwasa kuwi bisa uga nduweni patrap sing kontroversial. Tuladhane dialami Sumantri kang kudu milih loro bab kang angel banget.  Kudu ngabdi negara apa milih mateni adhine, Sukrasana (lakon wayang Sumantri ngenger)

  • Laku hambeging kisma
Tegese panguwasa/pimpinan kuwi kudu welas asih marang sapa wae. Kisma tegese lemah, lemah kuwi sapa wae sing ngidak-ngidak, ora kabeda-bedakake kabeh ditresnani.
  • Laku hambeging tirta
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu adil kaya bayu kang tansah warata ndhuwure. Yen adil iki dijejegakebisa dadi pepadhang lan bisa ngresiki regedan. Bayu kuwi ora tau tumindak ban cinde ban ciladan (pilih kasih).
  • Laku hambeging dahana
Tegese dadi pimpinan utawa panguwasa kudu teges, ora ingah-ingih, kaya geni kang panas mbakar apa wae.  Ananging kudu ditimbang-timbang adhedhasar akal sehat, saengga tumindake kuwi bisa ditangggungjawabi.
  • Laku hambeging samirana
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu teliti niing ngendi wae. Apik alane kahanane rakyat lan negara kudu dimangerteni.
  • Laku hambeging samodra
Tegese panguwasa kudune sugih pangapura, kaya dene ambane samodra.
  • Laku hambeging surya
Tegese panguwasa utawa pimpinan kudu nduwe inspirasi kaya dene srengenge kang amadhangi alam donya saisine.
  • Laku  hambeging candra
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu bisa madhangi ning ora manasake, kaya dene sunare mbulan.
  • Laku hambeging kartika
Tegese panguwasa kuwi kudu nduweni kapitayan dhiri, istilahe wong saiki percaya dhiri utawa confidance. Ora ketang ana sajroning awake nduwene cacad utawa kekurangan. Dipindhakake kartika/lintang ing langit, sandyan cilik nanging tetep sumunar hamadhhangi petenging wengi.
  • Tatas titis tatag tutug
Tegese ddadi panguwasa kudu nduweni watak kang teliti utawa titi saben ngadhepi perkara. Titis tegese tepat ora tau geseh, yen nggarap samubarang ora tau geseh wektune.  Tatas tegese tuntas ora tau mangkrak utawa separo-paro, tatag tegese tahan utawa ora grusa-grusu, ora sembrono. Tutug tegese rampung.



  • Gemi nastiti ngati-ati
Gemi nduweni teges hemat ora boros, lan prasaja. Gemi beda karo medhit utawa cethil. Nastiti kuwi ditujokake marang pawongan kang nduweni patrap gemi. Dene ngati-ati tegese ngadohi resiko sing paling ala lan ora ngepenakake sapa wae.
  • Gotong royong gugur gunung
Tegese samubarang pakaryan ditandangi kanthi bareng-bareng, disangga wong akeh. Mesthine bakal cepet rampung lan entheng sanggane.
  • Mikul dhuwur mendhem jero
Mikul dhuwur tegese bisa nggawe arum utawa wangi asmane wong tuwa, dene mendhem jero tegese bisa nutupi utawa nasabi cacad utawa kekurangane wong tuwa.
Miturut Siti Hardiyanti (1991)  idiom utawa bab-bab kang magepokan klawan  pangitutur luhur kang sumbere saka budaya jawa yakuwi:
  • Kudu angon wektu
  • Tumindak aja nganti getun mburine
  • Gawe rusak ora becik, dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh
  • Mungsuh sing wiis nungkul aja dipateni
  • Sing sapa arep menange dhewe, kuwi nemahi cilaka
  • Sing sapa gelem mbuwang ilmu karang bakal nemoni kabecikan
  • Sing sapa gawe seriking liyan , kuwi uga arep nemahi cilaka
  • Sing sapa seneng udur, kuwi bakal kena bebendu dening Pangeran
  • Sing sapa seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwales saka penggaweane dhewe
  • Sira kudu mituhu marang pitutur kang bener
  • Lamun sira seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
  • Muring-muring kuwi dalane antuk pepeteng, mula sapa sing seneng muring ora bakal antuk pepadhangangrembuge kang perlu kawala
  • Golek kanca sing padha tujuane
  • Aja gawe seriking liyan
  • Aja golek mungsuh
  • Aja wani marang leluhur, jalaran leluhur iku kagolong bathara
  • Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwis
  • Aja kaget lan gumun samubarang gelaring ndonya
  • Aja nguber hawa nepsu mundhak sesngsara uripe
  • Aja dumeh
  • Siya
  • Aja ngece wong ora duwe
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja kumalungkung
  • Aja kamingsun
  • Aja dhemen cidra
  • Aja munasika kawan
  • Aja gumedhe
  • Aja tumindak rusuh
  • Aja ngrusak pager ayu
  • Aja drengki
  • Aja keminter
  • Aja karemann
  • Aja ambeg siya
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja nggege mangsa
  • Aja nampik rezeki
  • Aja dawa tangal lan liya-liyane.
V. PENDALAMAN MATERI
Wacan wayang ing ngisor iki wacanen kanthi titi. Banjur golekana pitutur luhung kang gumathok karo crita wayang kasebut!
Bayi Abimanyu

KEKASIHE Bambang Abimanyu ya Jaka Pengalasan. Atmajane satriya Madukara Raden Janaka kang patutan karo Dewi Wara Sumbadra ya Dewi Rara Ireng. Mulane kekasihe Abimanyu jalaran pinundhut putra dening Raden Arya Bhima (mung diaku). Dene kekasih Jaka Pengalasan jalaran nadyan putra satriya nanging laire neng tengah alas gung liwang-liwung. Dene critane mangkene : Manut buku kagungan dalem ing Prawiranegaran Mangkubumen Ngayogyakarta, nalikane Dewi Wara Sumbadra wayah tingkeban, nedya angrawuhake para kadang Nata lan satriya, mula Patih Surata ingkang kadhawuhan mangkat, dene Raden Arjuna nuli mapan sare karo Dewi Wara Sumbadra.
Ambarengi lakon mau, ing satengahing alas Dhandhaka ana Raseksa lan Raseksi alasan, sing wadon pamitan sing lanang ngupadi memangsan, sing lanang ditinggal. Raseksi mau sekti tur bisa mabur, bareng ngungkuli sandhuwuring kasatriyan Madukara nuli niyub lan banjur lumebu iang patengganing kang lagi nendra. Raseksi gandrung marang baguse Raden Arjuna, Dewi Wara Sumbadra nuli kacidra winadhahan ing kendhaga banjur digawa menyang Madukara nuli memba warna Dewi Wara Sumbadra laju nusul nggone sare Raden Arjuna.
Kacarita Raseksa kang pinasrahan kendhaga dening sing wadon, nuli tumandang mbukak kendhaga jebul isi putri ayu. Ngira yen diajangi sing wadon supaya gelem wayuh karo putri ayu. Dewi Wara Sumbadra girap-girap weruh Raseksa arep mondhong awake. Sembadra lumaris, nanging tinututan. Dewi Wara Sumbadra nyemplung jurang. Ora adoh saka kono ana padhepokaning pandhita mertapa ing pretapan Jatisari jejuluk Begawan Jayawilasa. Kagyat sang mahayogi dene ana angin lesus. Bareng  wis mendha sang Begawan niti priksa papan sacedhake kono, priksa putri ayu neng njero jurang nuli dicedhaki, Sang Putri arsa babaran, gya tinulungan, bayine miyos kakung pekik warnane, ari-arine pinuja uga dadi satriya. Jabang bayine sang putri pinaringan asma Jaka Pengalasan, dene kang dumadi saka ari-ari diparingi asma Aribawa. Bayi diasta kondur menyang Jatisari, den dus banyu gege walagang gelis gedhe katon jatmika merak ati. Bocak sekarone rukun teruntungan.
Jaka Pengalasan pinaringan klangenan pitik jago dijenengake Bedhil, nuli nyuwun pamit bakal adu jago. Kawuwusa kang aneng kasatriyan Madukara Dewi Sumbadra gadhungan uga wis babaran mijil kakung, nanging pasuryane raseksa, diparingi asma Bambang Sembotho utawa Senggotho. Sing kautus momong Semar sapranakane. Para Panakawan dhewe ya gumun, geneya Raden Janaka iku bagus tanpa cacad jebul peputra raseksa. Bambang Sembotho kuwi uga nakal lan rewel,  banjur kepengin dolan menyang alas. Ing wana ketemu Jaka Pengalasan karo Aribawa nggawa jago si Bedhil golek mungsuh. Bambang Sembotho uga duwe jago aran Mimis, ngajak adu jago totohan. Yen Jaka Pengalasan jagone kalah dikethok gulune, nanging yen Bambang Sembotho jagone kalah mung diwenehi jaran tumpakane.
Jago nuli diedu, wusana jagone Bambang Sembotho ditladhung si Bedhil mati kapisanan. Jarane dijaluk ning ora oleh, njur perang karo Jaka Pengalasan. Bambang Sembotho kalah nangis wadul Raden Arjuna. Raden Arjuna muntab sigra ngliga pusaka, nedya mateni. Bocah loro mlayu mulih menyang Jatisari. Raden Janaka nututi. Bareng tekan Jatisari, Jaka Pengalasan lan Aribawa madul marang kang eyang Begawan Jayawilasa lan Dewi Wara Sumbadra yen dioyak satriya nggawa keris. Bareng Raden Arjuna tekan Jatisari, priksa Dewi Wara Sumbadra ana kono, sang Begawan Jayawilasa nuli matur purwa madya wasana. Saiki Sang Arjuna priksa yen kang ana Madukara kuwi palsu, mula Dewi Wara Sumbadra, Jaka Pengalasan lan Aribawa diboyong menyang Madukara. Jroning Raden Arjuna mbujung Jaka Pengalasan, Raden Gathutkaca kang nenggani Kasatriyan Madukara. Rawuhe ingkang paman sagarwa putra nulya njateni kabeh sandining lelakon. Jaka Pengalasan lan Aribawa kadhawuhan mrajaya Sumbadra kang ana ing ndalem pengkeran.
Wara Sumbadra tiron ketaman pusakane Jaka Pengalasan badhar dadi Raseksi terus kaprajaya dening Raden Gathutkaca. Bambang Sembotho prang lan Aribawa cinakot Aribawa mati. Bambang Sembotho. Tamat mendhung peteng kang ngendhanu ing kasatriyan Madukara. Dene anggone kekasih Raden Abimanyu mau awit  nalika Wara Sumbadra babaran nyuwun ditulungi Bhima ingkang nalika semana mentas kondur mertapa, lan wis antuk wahyu Widayat sarta wahyu Maninten. Mula bareng jabng bayi wus lair pinangku dening Sang Bhima. Wahyu Widayat manjing ana ing anggane jabang bayi, lan banjur akekasih Abimanyu.
Rehning tirta susune Wara Sumbadra durung mijil, saka eguh pratikele Sri Kresna, sang Bhima kadhawuhan anesepsi. Wantuning satriya kekasihing Bathara, sakala payudarane raden Bhima modod telung jempol, mijil banyu susu, sinesep dening bayi Abimanyu ndadekake seger lan walagang gelis gedhe glewo sarta sinung kasekten saka dayane : Wahyu Widayat. Dene Rahyu Maninten tiba ing negara Wiratha, ya wahyu loro mau kang ing tembe bangkit nyambung dharah ratu ing negara Ngastina sak jajahane, bisa kawengku bali ing astane dharah Pandhawa. Suka panggalihe satriya Pandhawa, dene rampung ing pacoban, genti ngundhuh nugraha agung.
PS – 26 / 2006




A.  Pitutur luhur kang ana crita ing ndhuwur
No
Pitutur Luhur
Deskripsi Wacan/Ukarane
1
2
3
4
5
B. Tembung-tembung angel saka wacan ing dhuwur goleki tegese!
  • Kekasih                                    =
  • Atmaja                                     =
  • Patutan                                     =
  • Tingkeban                                 =
  • Ngupadi                                    =
  • Raseksi                         =
  • Nuli                                          =
  • Kacidra                                    =
  • Kendhaga                                 =
  • Patenggan                                 =
  • Mahayogi                                  =
  • Jatmiko                         =
  • Nulya njateni sandining lelakon=
  • Merjaya                                    =
  • Badar                                       =
  • Sinung                                      =
C . Wenehana tandha ping ana aksara a, b, c, d, e ana wangsulan kang bener !
BATHARA  SURYA
            Bathara Surya uga peparap Sanghyang Wiwaswat, ya kekasih Sanghyang Martanada sanyata Dewaaning Rahina, kahyangane ana ing Ekacakra. Sanghyang Bathara Surya kagungan garwa loro yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Miturut pakem pedhalangan, Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni padha pinaringan antiga siji sewang (niji) dening Sanghyang Bathara Guru. Antiga iku pinangkane saka Dewi Kastapi, putra-putrine Bathara Wisnu. Antiga kang diparingake Dewi Ngruna ing tembene netes dadi loro yaiku Kagendra Sempati lan Kagendra Jenthayu . Dene ingkang kaparingake marang Dewi Ngruni netes dadi Naga Gombang lan naga cilik-cilik sapirang-pirang.
Manut carita pedhalangan  Bathara Surya atmajane Bethara Ismaya (Semar), kagungan titihan kang awujud kreta bhirawa apanggeret turangga pitu cacahe, padha gedhene, padha rosane lan padha dene banter playune.
Ya kreta kuwi kang nate diampil Sanghyang Bathara Wisnu, dienggo nggiles satruning Suralaya Prabu Watugunung rati ing Gilingwesi nganti tumekaning tiwas (nalika cangkrimaning sang prabu wis kelakon kabadhe dening Sanghyang Wisnu).
Putrane Sanghyang  Bathara Surya kang kerep kacaritakake ana ing pedhalangan ana loro: Sanghyang Rawiatmaja, yaiku ingkang nurunake para ratu ing Maespati. Dene kang angka loro, Sang Karno Basusena ingkang miyos saka Dewi Kunthi. Kajaba peputra Karno Basusena, Bathara Surya uga apeputra putri  yaitu Dewi Tapati. Dene Dewi Tapati nuli kagarwa dening Prabu Samwarana (Sambarana), peputra kakung Prabu Kuru.
Tedhak turune Prabu Kuru diarani Kurawa. Bisane Prabu Samwarana kaleksanan nggarwa Dewi Tapati, awit saka pitulungane Sang Maharsi Wasistha kang diaturi nglamarake sang Dewi. Ya, sowan Bathara Surya, Nyuwun supaya Dewi Tapati kepareng kagarwa Prabu Samwarana.
Kacarita Sang Bathara Surya iku kalebu salah sijining jawata kang mbeling, seneng nggonjak Widadari ing Kaenran, kalebu Dewi Windradi ya Dewi Windrati. Rehning Bathara Indra ngawuningani bab lekase Dewi Windradi kang agawe kuceming kawibawan Kaendran nuli bakal kadhawuhan tumurun ana ing madya pada, sarta bakal kajodhokake karo Sang Maharsi Gutama. Apa sebabe dene kang pinilih bakal kaparingan jodho Dewi Windradi kok Maharsi Gutama? Ana perkara kang dadi keprihatinane para Dewa.
Maharsi Gutama kuwi nggone anggentur tapa katarima dening Hyang Suksma Kawekas, tandhane,  resi Gutama iki sekti mandraguna, awas pandulune ora mung netrane nanging uga batine, bisa wuninga marang kedadeyan kang bakal klakon nadyan atusan taun bakale. Kapindho mandi sabdane malah kapara ngungkuli para Dewa ing kahyangan. Para Jawata padha nguwatirake, kalebu Bathara Surya.
Mulane bareng midhanget yen Dewi Windrati arep diparingake marang sang Maharsi Gutama, nuli ditemoni ing patenggane sang dewi bab sandining laku sarta kaparingan jimat Cupu Manik Astagina kanggo piranti sesambungan. Kagawa saka bektine sang Maharsi Gutama marang ingkang murba wasesa jagat saisine iki, sanadyan kersane Bathara Indra iku wis diwuningani, nanging ora kersa andhisiki. Mulane nadyan tata gelar Dewi Windrati iku dadi garwane, nanging babar pisan tan nate ngladosi pulang asmara. Nganti apeputra telu, Anjana, Anjarnaka, lan Anjani putri pambayune. Kabeh putrane Dewi Windrati kuwi patutan karo Dewa Rahina ya Bathara Surya. Parandene katresnan lan pamomonge marang putra putri  telu mau katon gemati banget, ora mantra-mantra yen mau kabeh turase Bathara Surya. Resi Gutama pancen pinunjul lan limpat ing budi miwah bangkit ngaling-alingi wewadining para Dewa. Hyang Suksma banget rena lan tresna marang Sang Maharsi, mula nadyan Jawata anak Dewa kadidene Bathara Surya tansah sor wibawa karo sang Maharsi.
Ora mung kandheg semono Bathara Surya nggone maksih ngujo hawa nepsune, rumangsa darbe kalenggahan pangwasa dadi dewataning rahina, nalikane jaman Prabu Pandhu uga diambali maneh. Nalika semono Dewi Kunthi Nalibrata kagungan guru Begawan Durwasa utawa Druwasa. Sang Dewi pinaringan aji-aji kang aran Aji Sabda Tunggal tanpa lawan utawa aji Adityahredaya, yen winateg bisa nekakake dewa. Larangane ora kena diucapake wektu siram. Dewi Kunthi kepengin nyoba dayaning aji mau, nanging kesupen nalika iku pinuju aneng sasana pasiraman.
Wau ta ing Kahyangan Ekacakra Sang Bathara Surya piniji aso sarira, ketaman getering daya kang asalae saka Negara Mandura, tanggap Sang Bathara, sigra nggeblas marepeki dununging daya pangaribawa, jebul manggon ana njero sasana pasiraman. Sakala kagyat kang tumingal, kekarone padha pandeng-pandengan, sakecap tan ana kang angandika, mung kena dayaning aji Adityahreday mau, embuh sapa kang miwiti datan saranta kekarone wus klelep ing madyaning yuda pulang asmara. Mangka Dewi Kunthi isih kenya, banjur nggarbini. Geger negara Mandura, Begawan Druwasa tinimbalan, pungkasaning jabang bayi kang neng guwa garba nuli sinidhikara. Bareng wis samekta, ana kaelokan si jabang mijil saka ing karnane Dewi Kunthi. Miyos kakung bagus glewo-glewo, winadhahan kandhaga kalarung ing narmada ( bengawan).
Panjebar Semangat-14/2005


C. Wenehana tandha ping ana aksara a, b, c, d, utawa e kang paling bener!
1.Bathara Surya sanajan dewa nduweni watak …… saengga putrane akeh
  1. angkara murka
  2. adil lan wicaksana
  3. ambeg paramaarta
  4. mbeling lan thukmis
  5. sekti mandraguna
2.      Ing ngisor iki putrane Bathara Surya sing patutan Ibu Dewi Windrati
A.  Anjana, Anjanarka, Anjani
B.  Anjana, Anjarnaka, Karno Basuseno
C.  Anjana, Anjani, Dewi Tapati
D.  Dewi Anjani, Dewi Tapati, Karno Basuseno
E.  Karno Basuseno, Sanghyang Rawiatmaja, Dewi Tapati
3.      Putrane Bathara Surya kang mijil saka Ibu Kunthi aran …
A.  Sanghyang Rawiatmaja
B.  Karno Basuseno
C.  Dewi Tapati
D.  Dewi Windrati
E.  Dewi Anjani
4.      Watake Maharsi Gutama sing patut tinuladha yaiku …
A.  sekti mandraguna
B.  ngerti sadurunge winarah
C.  mandi sabdane
D.  pinunjul nyimpen wewadi
E.  gemati marang putrane
5.      Bathara Surya kuwi putrane …
A.  Bathara Indra
B.  Bathara Guru
C.  Bathara Ismaya
D.  Bathara Wisnu
E.  Bathara Wiwaswat
6. Pitutur luhur kang ora cocok klawan pribadhine Bathara Surya yakuwi ….
  1. aja drengki
  2. aja ambeg siya
  3. aja nampik rezeki
  4. aja ngrusak pager ayu
  5. aja dahwen
7. Dene pitutur luhur kang bisa kapethik saka watak-wantune Resi Gotama yakuwi … kajaba …
  1. laku hambeging dahana
  2. laku hambeging kartika
  3. angrembuga kang perlu kewala
  4. aja lali penggawe becik
  5. aja dhemenn cidra
8. Dene pitutur kang bisa kapethik saka watak-wantune Dewi Windradi yakuwi …
  1. aja golek mungsuh
  2. aja gawe seriking liyan
  3. aja ngumbar hawa nepsu, mundhak sengsara uripe
  4.  aja dawa tangane
  5. Aja tumindak rusuh
9. Crita ing nduwur ngemu pitutur luhur ing ngisor iki kajaba ….
  1. Aja nguber hawa napsu, mundhak sengsara uripe
  2. Aja dumeh
  3. Aja ngrusak pager ayu
  4. Aja tumindak rusuh
  5. Aja gumedhe
SESERAPAN BABAGAN KARTI  BASA
            Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XII / 1
Metode             : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Alokasi Waktu  : 4 x 45 Menit
================================================================
A. UNGGAH-UNGGUH BASA
1.  Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.
Tiyang ingkang mangertos ing unggah-ungguh saged mapanaken dhiri-pribadhinipun saleres-leresipun sarta tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes.
2.  Bab-Bab Ingkang Gayut Kaliyan Unggah-Ungguh Basa
Tiyang ingkang saged tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri-pribadhinipun, pramila salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti:
  1. Umur/yuswa
Lare alit kedah asung kurmat dhateng ingkang langkung ageng, ingkang enem kurmat dhateng ingkang sepuh.
  1. Peprenahan
Peprenahan ing pasedherekan/trah/awu. Ingkang akleres enem kedah ngurmati ingkang kaleres sepuh, sinaosa ing bab yuswa langkung sepuh. Anak kurmat dhateng bapak/simbok, adhi kurmat dhateng kakang/mbakyu, anak keponakan kurmat dhateng pak lik/pak dhe lsp.
  1. Drajat/Pangkat
Kalenggahan (kedudukan) tiyang menawi drajat/pangkatipun andhap kedah caos kurmat dhateng ingkang kalenggahanipun inggil. Upami pedamel kaliyan panginggilipun, rakyat kaliyan lurahipun, warganing pakempalan kurmat dhumateng sesepuhipun, lsp.
  1. Kasugihan
Tiyang ingkang gadhah arta-bandha kathah utawi sugih wajib dipunkurmati dening tiyang ingkang mlarat. Tiyang ingkang pasitenipun wiyar, mesthinipun ugi dipun kurmati dening tiyang ingkang sitinipun ciyut. Senaosa kasebat ing nginggil boten lepat saking watak sarta bebudenipun tiyang ingkang sugih wau. Jer sedaya wau wangsul kaliyan ungel-ungelan ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
  1. Luhuring Bebuden
Tiyang ingkang gadhah bebuden luhur langkung inggil mesthinipun langkung kinurmatan tinimbang ingkang boten. Upami: pimpinan agama (ulama); gadhah titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli budaya (budayawan), lsp.
  1. Keturunan
Anak turunipun tiyang ingkang gadhah kaluhuran kados kasebat ing nomer 5, badhe langkung dipunkurmati katimbang anak turunanipun tiyang umumipun.
  1. Pitepangan Enggal
Tiyang srawung menika menawi sampun kulina ketimbang ingkang saweg tepang enggal mesthi raos kurmatipun beda. Langkung kurmat dhateng ingkang saweg pitepangan enggal. Pramila panganggenipun unggah-ungguh langkung dipungatosaken.
3. Wujuding Undha-Usuk Basa
Unggah-ungguh basa, wujudipun undha-usuk basa inggih menika:
  • Basa ngoko (dhapukanipun tembung ngoko sadaya)
  • Basa ngoko alus (dhapukanipun tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)
  • Basa krama (dhapukanipun tembung krama )
  • Basa krama alus (dhapukanipun tembung krama kacampur krama inggil)
4. Trap-Trapanipun Basa
  • Trap-trapanipun basa ngoko:
a)      Kangge tiyang sepuh dhateng putranipun/tiyang enem;
b)      Kangge sesami kanca ingkang sampun rumaket pasrawunganipun;
c)      Pangageng dhateng reh-rehanipun;
d)      Guru dhateng siswanipun.
  • Trap-trapanipun basa ngoko alus
a)      Tiyang sepuh dhateng tiyang enem, ingkang langkung enen langkung inggil pangkatipun.
b)      Kangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil
c)      Tiyang ingkang rumaket srawungipun, ananging sami dene kepingin ngajeni.
  • Trap-trapanipun basa krama
a)      Tiyang gineman ing peken
b)      Tiyang sami pinanggih ing margi
  • Trap-trapanipun basa krama alus
a)      Anak dhateng tiyang sepuh, utawi tiyang ingkang langkung sepuh;
b)      Siswa dhateng guru
c)      Pitepangan enggal;
d)      Punggawa utawi reh-rehan dhateng penginggilipun;
e)      Anggota pakempalan dhateng ketuanipun.
B. JINISING TEMBUNG
1. TEMBUNG LINGGA       
Tegese tembung kang isih wutuh , durung karaketan ing ater-ater, seselan utawa panambang. Tuladhane:
Gludhuk, kaca, wajan, gabus, kertu, tandur, tilar, dalem, lsp.
2. TEMBUNG CAMBORAN
Tegese tembung kang dumadine saka pamoring tembung loro kang tegese digerba dadi siji. Tembung camboran ana loro:
a. Camboran tugel: dubang (idu ababg), lunglit (balung kulit), dokkur (ndhodhok mungkur) , dhegus (gedhe bagus) lsp.
b. Camboran wutuh, ana loro:
1. camboran tunggal tegse tembung kang diamor nduweni teges anyar. Tuladha:
naga lan sari dadi nagasari, gantung lan siwur dadi gantung siwur lsp.
2. camboran udhar: tembung-tembunge isih madeg dhewe-dhewelan tegese durung luluh. Tuladhane: pager wesi, tukang sepatu, gula tebu, lsp.
3. TEMBUNG RANGKEP
Tegese tembung sing dirangkep/dibaleni/kata ulang. Wujude ana telu :
a. tembung dwilingga: dumadine sarana ngrangkep linggane
b. tembung dwipurwa: tembung lingga kanthi ngrangkep wandane wiwitan. Tuladhane: lima dadi lilima(lelima), lara dadi lalara(lelara)lsp.
c. tembung dwi wasana : tembung lingga kanthi ngrangkep wanda kang pungkasan/purwa.
Tuladhane: cekak dadi cekakak, cekik dadi cekikik lsp.
4. TEMBUNG ANDHAHAN
tegese tembung kang wis ngalami owah-owahan sarana antuk ater-ater, sesela, lan panambang.
C. GUGON TUHON
Gugon tegese sipat utawa wewatakan kang gampang banget nggugune marang guneme wong utawa dedongengan.
Tuhon tegese wewatakan kang gampang tuhu utawa mituhu marang guneme wong utawa dedongengan. Gugon tuhon tegese:
  • Tembung watak kang maknane wewatakan kang gampang nggugu lan mituhu marang gunem utawa dedongengan kang pancene mono perlu ginugu utawa pinituhu
  • Tembung aran kang maknane gunem utawa dedongengan kang dening wong-wong sing gugon tuhonan dianggep nduweni daya, menawa nganti ora digugu lan ora katindakake wong-wong sing ora nggugu uripe bakal nandhang ora kepenak.
Gugon tuhon iku kena digolongake dadi telu, yaiku:
v      Gugon tuhon kang salugu. Kang kalebu gugon tuhon kang salugu yaiku bocah utawa wong kang (manut dedongengan) dadi pepintaning memangsane Bathara Kala, kalebu golongane bocah sukerta lan wong kang kalebu panganyam-anyam.Ing ngisor iki kang kalebu bocah sukerta.
1. Ontang-anting: anak lanang siji, unting-unting: anak wadon siji, anggana: anak siji sing urip (tunggale kabeh wis mati)’
2. kedhana-kedhini: anak lorolanang wadon, kedhini kedhana: anak loro wadon lanang, kembang sepasang: anak loro wadon kabeh, uger-uger lawang: anak lorong lanang kabeh
3. Pancuran kapit sendhang : anak telu sing lanang ing tengah, sendhang kapit pancuran: anak telu sing wadon ing tengah, cukil dulit: telu lanang kabeh, gotong mayit: telu wadon kabeh,
4. Sarimpi: anak papat wadon kabeh, saramba: anak papat lanang kabeh, keblat papat kasbut: anak papat lanang-wadon.
5. Pancagati: anak lima wadon kabeh, Pandhawa: anak lima lanang kabeh, lsp.
v      Gugon tuhon kang isi wasita sinandi
Wasita sinandi iku ateges: pitutur kang sinamun, ora dilairake akanti melok utawa ora dikandakake ing salugune.
Gugon tuhon kang isi wasita sinandi uga lumrah diarani aradan, sing akeh-akeh nganggo dikanteni tembung “ ora ilok “ kang satemene ateges “ ora apik “. Tuladane: Aja kekudung kukusan, mundak dicaplok baya, tur ora ilok.
1. Yen kukusan resik kanggo kudungan, banjur dadi reged, njalari regeding sega kang didang nganggo kukusan iku. Manawa kukusanreged, sirahe bocak (wong) kang akudung kukusan iku singbanjur dadi reged, tarkadang gupak sega barang.
2. Wong akudung kukusan mripate melu ketutupan kukusan, ora bisa ndedeleng kanti cetha, marakake numbuk-numbuk (yen mlaku). Dadi kekudung kukusan iku pancen nyata ora prayoga)ora ilok), ora becik).
Gugon tuhon kang kalebu ing golongane iku, akeh banget panunggalane:
1. Jendela menga. Srengenge wis meh surup, jendela durung ditutup.
2. Made tanpa lingkapan. Omah tanpa (digelari) klasa. Made = omah. Madekambang = balekambang, omah kang kinubeng iang banyu, kinubeng ing blumbang, omah satengahing rawa utawa sagaran.
3. Buwang tuma. Petan (metani) oleh tuma mung dibuwang bae ora digites.
4. Adeg lante. Simpen gulungan lampit sarana didegake.
5. Lumah pipisan.  Arep memipis, durung nyadiyakake barang sing arep dipipis, wis nglumahake pipisan.
6. Pajang tanpa samir. Nata bantal kasur ing sentong tengah tanpa tutup utawa turub. Pajang = sentong tengah, kamar kang dumunung ing tengah.
7. Kasur tanpa pramada. Kasur gumelar ing paturon (ajeg) tanpa sepre.
8. Ngandut tampah. = wong meteng lungguh neng tampah jarene bisa njalari jabang bayi wanguning awake bunder kaya bulus. Ngandut = meteng. Lagi ngandut utawa ora, bocak utawa wong tuwo. Lanangan wadona, ora prayoga lungguh ing tampak (ora ilok).
9. Lumbung tanpa dedasar. Simpen pari ana ing lumbung tanpa dilemeki. Lumrahe lumbung iku dilemeki godong kluwih, isi pepuji muga-muga parine nganti tekan ing wektu panen maneh bisa turah, bisa luwih yen dipangan
  1. Sumur ing ngajengan. Nggawe sumur ing ngarep omah ora ilok. Mesthi wae ora ilok wong mbebayani tumraping wong akeh.
v            Gugon tuhon kang kalebu wewaler/pepali
1. wong-wong ing Banyumas ora kena lelungan ing dina Setu Paing
2. wong- wong ing Kendal ora kena gawe omah gedhong
3. wong-wong ing Bagela ora kena nganggo jarit (iket/kemben) gadhung-mlathi. Lan wong-wong kang padha manggon ing desane Bagelan asli ora kena nandur kedhele lan ngingu sapi
4. tedhak turune Panembahan Senopati semangsa mengsah yuda ora kepareng nitih titihan batilan, titihan kang wulune ing surine /buntute dikethok.









NYERAT ARTIKEL BUDAYA JAWA
            Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XII / 1
Metode             : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Alokasi Waktu  : 2 x 45 Menit
================================================================
  1. I.                   STANDAR KOMPETENSI
MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguhdan menulis dengan huruf Jawa.
  1. II.                KOMPETENSI DASAR
Menulis artikel tentang budaya Jawa
  1. III.             INDIKATOR
  2. Menentukan topik artikel yang akan ditulisnya
  3. Menulis kerangka karangan/artikel tentang budaya jawa
  4. Menulis artikel utuh dari kerangka karangan yang ditulisnya sendiri
  5. Menyunting artikel yang ditulis oleh temannya
  6. IV.              MATERI PEMBELAJARAN
A.  Hakikat Artikel Ilmiah Populer
Artikel ilmiah popular (kaya kang kapacak ing ariwarti utawa kalawarti)  yakuwi salah sijining jinis karya ilmiah sing ngrembug babagan kang  actual (lagi dadi pirembugan ing bebrayan) kanthi cara panulisan lan proses mikir kang ilmiah, ananging  cara ngrembug babagan kang pokok/baku (pembahasan) miturut dalan pikire warga masyarakat umum. Cara panulisan kang kaya mangkono mau disebabake media sing ngemot artikel kuwi kalebu media penerbitan umum sing dikonsumsi public.
Sandyan kaya mangkono, underan topic/pembahasan topic tetep migatekake kaidah-kaidah mikir ilmiah. Gandheng sing maos kuwi masyarakat umum, mula tembungtembung kang pinilih uga tembung-tembung kang asipat umum, dudu istilah-istilah utawa tembung-tembung khusus ngenani keilmuantertemtu.
B. Proses Panulisan Artikel Ilmiah Populer
Artikel ilmiah popular asring kaemot ana ing ariwarti utawa kalawarti ing rubric opini utawa kaca sing mligi kanggo tulisan-tulisan kang ngemot bab gagasan-gagasan anyar panulis. Tuladhane: tajuk rencana utawa tulisan kang sajenis kang ngemot wawasan redaktur ngenani bab kang nembe dadi pirembugan.
Tuladhane ing kalawarti Jaya Baya edisi 13 Minggu IV November 2010 ana Rubrik Ature Redaksi (sejenis tajuk rencana) ngemot babagan potrete Gayus Tambunan kang pancen rikala kuwi lagi dadi pirembugan karana kajuligan lan kalipatane Gayus nyogok para sipir penjara lan pejabat liyane. Menawa ora ana pawarta/babagan kang wigati tur nyleneh biyasane redaksi atur topic kang selaras karo wulane. Umpamane wulan Oktober: ngrembug babagan Sumpah Pemuda kang temtu wae digandhe-cenengake karo patrape pemudha zaman saiki. Wulan April ngrembug babagan perjuwaangane Ibu Kartini lan sapiturute.
C. Sistematika Artikel Ilmiah Populer
Rada kangelan menawa kudu nggawe peprincening sistematika/tata cara panulisaning artikel ilmiah popular. Awit sipat popular kuwi ndadekake artikel ilmiah popular nduweni maneka warna tata cara. Ariwarti utawa kalawarti sijii lan sijine nduweni cara-cara utawa trik-trik khusus ngenani panulisan artikel ilmiah popular sing aktelah tajuk rencana utawa ature redaksi.
Mung wae sing ndadekake cirri kang mligi yakuwi carane nulis ora nggedhabyah (bertele-tele): singkat padhet, nduweni isi kang mligi, lan ora dumadi bab mbaka bab. Sistematika panulisan artikel ilmiah popular kang umum biyasane kaya ing ngisor iki.
  • Bagian teras/utawa lead ngemot intisarining artikel kang selaras klawan irah-irahan kang pinilih. Teras ngemot gagasan-gagasan pokok tulisan. Upamane ana pamaos kang during kober maca artikel panjenengan, kanthi maca irah-irahan lan teras artikel pamaoswis antuk gambaran utawa wewayanganing isine artikel.
  • Bagian candhake isi. Artikel ilmiah popular ora kudu nduweni purwaka (pendahuluan). Purwakaning artikel ilmiah popular kuwi ya teras. Mula saka kuwi isi uga kudu diwedharake kanthi padhet lan mentes, ora perlu nngedhabyah, teknis lan akademis.
  • Subjudul-subjudul yen ora perlu banget ora usah dianakake. Awit iki nyebabake tulisan mau katon kaya akademis.
  • Bagian panutup artikel cukup ana paragraph pungkasan. Isine arupa dudutan (simpulan) utawa ketegasan uatawa pitakon kang asipat retoris. Panutup kang kaya ngguroni kudune disingkiri; panutup luwih becik arupa pangajab utawa desideratid.

D. Tuladha artikel
Kapan Pangaji-Aji Kanggo Penerbitan Basa Dhaerah?
            Gandheng karo anane Hari Sumpah pemuda, Pusat bahasa Departemen Pendidikan ing dalem acara puncak Bulan bahasa dan Sastra ing Rawamangun, Jakarta, gawe kerampungan. Koran Tempo(jenengesurat kabare mula “Koran Tempo’) kapilih dadi nomer siji ing kalangane surat-surat kabar anggone mugunakake basaIndonesia. Mesthi bae sing diarani “noomer siji” iki mau ing dalem apike, becike, dalah benere.
Sarana mangkono Koran Tempo wis kapinglima terus-terusan kapilih nomer siji anggone migunakake basaIndonesia ing korane, ngenani bab apike, susunan ukara, benere paramasastra, milihe tetembungan, lan sapiturute.
Wondene sing dibiji kanggo uger-uger nibakake keputusan mau, antara liya berita utama utawa head-line, tajuk rencana, utawa “laying saka redaksi” utawa hoofd-artikel. Sing dititipriksa ora kurang saka Koran (Indonesia) cacah 57 iji, saben Koran dijupuk 8 nomer sacara acak.
Tegese, anggone njupuk lembaran/nomer Koran mau mung waton njupuk, ora susah ditemtokake dhong nomer lebaran, apa nomer mingguan liyane.nomer-nomer sing dicetak  antarane sasi Juni nganti September 2010. sing dibiji ora mung tatanane ukara dalah paramasastrane bae, ning uga ngenani bab pilihane tetembungan, malah ejaane barang melu kabiji. Bener orane panulisane tetembungan
Lha, bareng mangkono, Pusat Bahasa Departemen Pendidikan netepake menawa ana surat kabar 10 iji sing patut nampa penghargaan utawa pangaji-aji yaiku: (1) Koran Tempo, (2) Kompas, (3) Media Indonesia, (4) Republika, (5) Sinar Harapan, (6)Suara Pembaharuan, (7) Investor Daily, (8) Pikiran rakyat, (9) Seputar Indonesia, (10) Kedaulatan Rakyat.
Narik kawigaten, dene ing antarane surat-surat kabar sing oleh pangalembana mau saperangan gedhe dumadi sakasuratkabar sing metu ing jaban tanah Jawa oleh pangajii-aji. Saka Sumatera ora ana, sakaKalimantanora ana. Saka Sulawesi sarta saka dhaerah liyane, nihil.
Disebutake, menawa Pusat Bahasa uga wus ngyektekake menawa ing taun 2010 iki surat-suratkabar saya tambah, saya tambah sing ngudi mbeciki anggone migunakake basa Indonesia. Ning kudu diakoni uga, yen isih akeh ditemoni surat-surat kabar  ing daerah sing sajak ngremehake penggunaan basaIndonesiaiki mau. Sajak ora nggatekake kaya apa wigatine basaIndonesiayen ditulis utawa disuguhake kanthi bener lan becik. Mangka apa sing disuguhake nyang siding pembacane, diwaca saben dina lan kena diaturake yen banjur dadi panutan. Dadi panutan “pembacane” anggone migunakake basaIndonesiaing sedina-dinane.
Kita kabeh wajib lan ora ana alane yen ta “asung slamet” nyang Koran Tempo sing limang taun terus-terusan kelakonnampapengaji-aji iki. Mujudake bukti yen suratkabar mau wiwit sakawit mula nduweni niyat arep migunakake basaIndonesiakanthi becik lan bener….
Suk Kapan Gilirane Koran Basa Daerah?
Maca warta ngenani bab pangaji-aji kanggone Koran basa Indonesia, jejer dadi sutresna basa daerah, njur tuwuh pitakonku, “ Yen Pusat Bahasa wis limang taun nganakake pangaji-aji kanggo surat kabar sing dianggep becik lan bener anggone migunakake basa Indonesia, njur suk kapan pangaji-aji sabangsane mangkono mau ditibakake nyang Koran basa daerah?”
Ya bener, gelar yektine saiki iki wisora ana suratkabar padinan sing migunakake basa daerah, kaya dhek zaman kepungkur. Kayadene: sedia Tama (yogya), Darma Kandha (Solo), Espres (Surabaya), Sipatahunan (Bandung) lan uga ana sawatara ing Sumatera, ning saora-orane rak iya isih ana minggon utawa tengah wulanan sing metu mawa basa daerah (Jawa lan Sunda). Sarta cacahe pemaose iya isih bias diaturake lumayan akeh.
Lha apa alane, yen ta Pusat Bahasa Depdiknas uga nganakake pangaji-aji kanggo majalah sing mawa basa daerah mau? Sapa ngerti, yen anane pangaji-aji saka Depdiknas mau banjur saya nuwuhake grengsenge kaum wartawan/redaktur basa Jawa anggone ngudi mbeciki basa daerahe ing ndalem hudyane sing diembani.
Merga, miturut gelar yektine kayadene singwisnate dak aturake saiki iki, subur utawa curese basa daerah minggari gumantung nyang tangane para guru lan dosen basa daerah, dalah para redakture majalah-majalah basa daerah. Tumrap bebrayan Jawa, mesthine iya gumantung nyang tangane para guru/dosen basa Jawa, dalah redaktur-redakture majalah-majalah Basa Jawa.
Jaya Baya No 13. Minggu IV November 2010





  1. V.                 PENDALAMAN MATERI
Wacana  ing ndhuwur kanthi patitis! Banjur wangsulana pitakon ing ngisor!
A. Carane Milih Topik
  1. Wacanen koran/rungokake pawarta saka tv dina iki, dhek wingi, lan rong dina kepungkur!
  2. Cathet topik-topik pawarta kang koktemokake saka koran, majalah utawa tv kasebut! Banjur isinen tabel ing ngisor iki!
Tabel pamilihan Topik Artikel Ilmiah populer
No
Topik
Syarat
Keterangan
Aktual
Mumpuni
B. Cara Ngrumusake Irah-Irahan lan Teras Artikel Ilmiah Populer
1. Pilihan salah sijining topik sing kowe mumpuni banget1
2. Pilihan tembung-tembung kang mathuk lan krasa nges kanggo menehi irah-irahan mau!
3. Rancang lan tulis gagasan—gagasan pokok kang kokkarepake sarta roncenen gagasan pokok kuwi kanthi urut1
Irah-irahan        : _____________________________________________________________
Gagasanpokok: ___________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
C.  Ngrembakake Isi Artikel Ilmiah Populer
1.  Identifikasi gagasan-gagasan pokok kang ana ing rumusan teras kasebut!
2. gawenen rancangan ngenani cara nyuguhake gagasan-gagasan pokok kasebut ana sajroning cengkorongan gancaran noonformal!
3. Menawa gagasan pokok kuwii kurang saka 16, pilihan gagasan pokok sing merlokake subgagasan kanggo ngrembakake isi!
4. Yen wis rampung, enggal diwiwiti anggone nulis!
5. Yen wis rampung koktulis kabeh gagassan pokok sing ana, coba waca lan dandani kekurangane karanganmu!
NULIS NASKAH DRAMA/SANDIWARA
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XII / 1
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Alokasi Waktu              : 3 Jam Pelajaran
================================================================
  1. I.             STANDAR  KOMPETENSI
Mampu mengapresiasikan karya sastra tulis
  1. II.          KOMPETENSI  DASAR
Menuliis naskah drama/sandiwara
  1. III.       INDIKATOR
  2. IV.        MATERI PEMBELAJARAN
  1. Bersama kelompok menentukan topik drama/sandiwara
  2. Bersama kelompok menyusun ilustrasi dari drama yang akan dipentaskan
  3. Bersama kelompok menentukan perwatakan masing-masing tokoh yang akan bermain dalam naskah drama/sandiwra tersebut
  4. Bersama kelompok membuat dialog/skenario naskah drama
  5. Bersama kelompok menyunting naskah drama yang ditulis teman
A.        NULIS NASKAH/SKENARIO DRAMA
Panulisane skenario drama nduweni urut-urutan kaya ing ngisor iki !
1)      Nyiptakake Setting / Latar
Setting / latar ana sadhuwure panggung nemtokake kasil lan orane pementasan sawijining drama / sandiwara.
Carane nulis setting :
  • Nganakake pengamatan ana sajroning kahanan/wilayang kang dikarepake.
  • Cathet babagan-babagan kang penting yen upamane didadekake ana sajroning panggung.
  • Tulisen setting sacara komplit ana buku/kertas sajroning ± 15 menit.
  • Wacanen ana ing ngarep kelas
Tuladha setting / latar
Jam 11.00 wengi. Sepi nyenyet kiwa tengene.
Ruang tamu sing sedherhana. Meja kursi saprangkat. Buffet cilik cekli kanggo nyimpen bala pecah. Ana radhio tape ing ndhuwure buffet. Kertas-kertas asil koreksian ulangan ting blasah ana sadhuwure meja tamu …..
2)      Eksplorasi
Eksplorasi tegese njajah desa/kutha milangkori ana sadhengah papan panggonan. Ora mung sing rame, ananging uga ana papan sing sepi, nduweni suasana pribadi. Sabanjure konsentrasi ana latar fisikal/lingkungan sing nyata, pawongan lan sapari polahe kudu diematake kanthi permati. Pancaindera kudu dimaksimalake saengga asile bisa antuk cathetan-cathetan sing migunani.
3)      Nyiptakake Paraga
Deskripsi paraga utama ana sajroning drama biyasane tinulis kaya deskripsi latar umpamane :
Pak Guru Wignya bojone Sari. Dedeg piadege pidegsa. Pengkuh. Yuswane ± 30 tahun. Sabar  lan gemati karo bojone. Sabar lan grapyak yen ngadhepi siswa-siswane. Nduwe cara pikir rasional. Nengenake akal. 
Sari bojone Pak Guru Wignyo. Umure udakara 28 tahun. Ayu rupane. Lencir dedege. Nembe bobot/ngandheg sing sepisanan. Umure kandhutan kurang luwih telung wulan. Yen njaluk samubarang kudu dituruti. Aleman, nanging tansah tresna lan bekti marang garwa.
4)      Para Paraga kang rinipta padha ngomong = monolog
Para paraga kang wis rinipta, utamane paraga kag cacahe loro padha sesambungan antagonistik, kaya-kaya memungsuhan. Paraga kasebut bisa dijupuk saka inventarisasi nalikaning latihan nyipta paraga. Para paraga mau ngomong sing suwene udakara telung menit kanggo saben paraga. Sawise monolog mau tinulis/dikeik , coba pilihen kanca tunggal kelompok kanggo macakake monolog mau. Kanca liyane ngrungokake utawa dadi penonton.
Tuladha monolog (Pak Guru Wignyo)
“Suwignyo. Mangkono Bapak lan Ibuku maringi aku jeneng. Jeneng sing mesthi wae nduweni teges tumraping awakku. Ngendikane Bapakku: Su- tegese apik, endah, elok. Dene Wignyo tegese pinter, wasis. Dadi aku iki anak lanang kang digadhang dadia bocah/pawongan kang apik tur pinter sembarang kalire. Aku tau takon marang Bapak, kenangapa kudu apik lan pinter/wasis? Kok ora mug wasis wae utawa apik wae? Ngendikane Bapak: wong pinter iku bisa keblinger. Ananging yen pintere nganggo apik, mesthine dadi bocah sing ngerti tata krama, trapsila, lan unggah-ungguh. Ngregani lan ngajeni wong liya ora malah minteri wong liya.
 Ah, sakjane yen takgagas-gagas pancen mathuk. Su-wignyo jeneng sing lugu ananging nduweni teges kang migunani tur cocok karo ilat jawa, njawani! Ora kaya pawongan zaman saiki. Yen menehi jeneng anake apik-apik kaya jenenge para selebriti . Bella, Anjas, Monica, Angel (apa Enjel?) mbuh lah ….Ngomong-ngomong bab jeneng, aku iki ya lagi bingung mikirke sapa jenenge bakal anakku. Bakal anak, sebab bojoku nembe wae mbobot telung sasi. Anak sing dakgadhang lan dakenteni suwene limang tahun iki….” Lsp. 
5)      Dadekake kabeh elemen (1 – 4 ) dadi skenario dasar. Carane nulis skenario dasar:
  • nyusun adhegan.
  • adhegan mbaka adhegan diwangun
  • Tulisen deskripsi naratif sing isine sadhengah kedadeyan ana adhegan kang isine kabeh elemen drama. Saengga katon cetha wela-wela menawa diwaca/dipentasake
  • Kanthi dhasar draft kasar sing wis digawe tulisen adhegan-adhegan sing isine konflik ngasi tumekaning klimaks.
Umpamane kangelan nggawe draft kasar, skenario drama bisa digawe saka cerita cekak apa novel. Mung wae, unsur-unsur pembangun drama kudu diunggulake lan unsur pembangun cerkak ana sing kudu diilangi (contone : sudhut pandhang)
Ing ngisor iki ana tuladha drama kang digawe saka perangane novel NH Dini
”Pertemuan Dua Hati “
Judhul               : Nyawijining ati
Rinipta dening : NH Dini
Paraga :
  • Bu Suci : guru sing sabar, apik, gatek marang para siswane
  • Waskita            : siswa sing nakal, kurang perhatian lan kasih sayang
  • Raharjo : ketua kelas
  • Marno
  • Rini
  • Denok
  • Wahyudi
  • Kepala Sekolah
  • Guru I
  • Murid wedok I
  • Murid wedok II
  • Murid wedok III
  • Murid lanang I
  • Murid lanang II
  • Murid lanang III
Latar                : Ruang Kelas
Prolog
Babak I
(ing wayah esuk, ana sawijining kelas, para siswa lagi lungguh ngenteni rawuhe guru anyar. Kepala Sekolah lan Bu Suci mlebu bareng)
Kepala Sekolah      :      “Iki Bu Suci. Bocah-bocah, coba sing anteng lan ora pareng nakal. Coba bocah-bocah kudu nduduhake marang Bu Suci menawa kowe kuwi para siswa sing patuh, sing manut.”
(mersani Bu Suci lan manggahake Bu Suci supaya kenalan)
Bu Suci                 :       (mersani satlereman marang para siswa)
“Sugeng enjing, para siswa”
Para siswa            :       (bebarengan) “Sugeng enjing, Bu !
Bu Suci                 :       “ Kaya sing wis dingendikakake Bapak Kepala Sekolah ibu arep nggenteni gurumu sing wis ora mulang. Ibu paring nama Bu Suci.”
(Kepala Sekolah pamitan metu kelas. Bu Suci ngeterake Kepala Sekolah nganti tumekaning lawang)
Bu Suci                :        (Ning ngarep kelas, sinambi mirsani para siswa)
“Sadurunge, Ibu mulang ana kutha cilik suwene 10 tahun
(Suasana katon sepi, tegang para siswa meneng)
Bu Suci               :         “Mesthine, para siswa ana sing wis mangerteni babagan kuwi.”
Murid wedok I   :           “Dhateng pundi, Bu ?”
Bu Suci               :         “Purwodadi. Mesthine wis padha ngerti, ta. Purwodadi .”
Murid wedok II  :          “Simbah kula wonten ngrika, Bu.”
(Suasana kelas wiwit regeng maneh, amarga Bu Suci grapyak tumanggape marang para siswa)
Bu Suci              :          (lenggah sinambi mbuka map absen)”Wah, bocah-bocah kalebu bocah kang bejo, Nak. Ibu pingin pirsa, sapa sing dadi ketua kelas ?”
Raharjo              :          (Ngacung tangane lan njawab kanthi suwara lantang) “Kula, Bu !”
Bu Suci              :          “ Sapa jenengmu, Mas ?”
Raharjo              :          “ Raharjo, Bu !
Bu Suci              :          “ Gandheng Ibu wis pirsa sing mandhegani kelas iki sabanjure   Ibu  arep  nimbali bocah-bocah siji mbaka siji !”
(Bu Suci ngabsen para siswa)
Babak  II
(Nyandhak dina sateruse, salah sawijining siswa – Waskito – ora mlebu kelas
tampa alesan sing cetha. Bu Suci kebak pitakonan ngenani bab iki )
Bu Suci             :           (lenggah sinambi mirsani map absen)”Bocah-bocah, ana sing mangerteni omahe Waskito ?”
(Kelas sepi. Ora ana wangsulan)
Bu Suci             :           “Ya ? Sapa sing ngerti ? Omahe adoh apa cedhak ?”
(Kelas tetap sepi. Ora ana wangsulan. Akeh siswa sing ndingkluk, tumungkul
ora wani adu arep klawan Bu Suci).
Bu Suci            :            “Menawa ana sing ngerti, Ibu arep njaluk tulung ngajak mrana bebarengan. Sapa ngerti Waskita lara”
(mirsani map absen, para siswa bisik-bisik)
Bu Suci            :            “Raharjo ! Mengko, sarampunge sekolah tilikana Waskita, Sore ya kena ngiras mlaku-mlaku. Takoke kenangapa dheweke ora mlebu sekolah suwe banget.”
(Raharjo bingung. Plengakan. Banjur ngingeti kancane sabangku, njaluk
dukungan)
Bu Suci            :            “Kenangapa ora mangsuli ? Apa kowe ora ngerti omahe Waskita ?”
Raharjo            :            “ngertos, Bu !”
Bu Suci            :            “Terus ? Apa kadohan omahe ?”
Raharjo            :            “Oh, mboten, Bu. Kula malah nglangkungi griyanipun menawi bidhal utawi wangsul sekolah.”
Bu Suci           : “(Ngingeti Raharjo kanthi gumun) Terus, kenangapa ora gelem mampir ? Apa kowe ora kepengin weruh sebab-sebabe Waskita ora mlebu sekolah ?
(Raharjo sajak bingung)
Ibu Suci          : (Mandeng saisining kelas) “ Sapa maneh sing mangerteni omahe Waskita ?”
(Siji mbaka siji para siswa ngacungake drijine karo tumungkul)
Bu Suci          :  “Kenangapa  bocah-bocah  ora padha niliki ? Marno !    Coba Ibu nyuwun tulung ! Ngomongo, kenangapa kowe ora gelem niliki Waskita ?”
(Marno mangu-mangu anggone arep wangsulan. Dheweke uga ngingeti
Raharjo kang lungguh ana sisihe)
Marno            :  “(Suarane alon, nanging cetha)” Ajrih, Bu.”
Bu Suci          :  “Kenangapa ? Raharjo ! Genten kowe sing njelasake ?
Kenangapa padha wedi moro omahe Waskita !”
Raharjo         :   “Marno saja, Bu”
Bu Suci         :   Kowe sing dadi ketua kelas ana kene.
Kudune kowe sing kudu ndduweni tanggung jawab lan kudune luwih ngerti kahanan kelas iki tinimbang kancamu liyane. Raharjo, coba jelasake marangIbu apa sing satemene kedadeyan !”
Raharjo        :    “(ndeleng Bu Suci, kanthi mangu-mangu) “Griyanipun ageng, Bu. Wonten asu ingkang njagi tur malih jegug teras, Bu.”
Murid lanang I  :            “Putranipun tiyang sugih, Bu !”
(Kelas sepi nyenyet maneh)
Bu Suci        :    “Opo mung iku ? Liya-liyane apa maneh ?”
(Kelas mbalik ana suasana tegang)
Bu Suci       :     “Kudune wong sugih kuwi ora perlu bok wedeni.            Nanging , yen kowe wedi karo waung sing tansah jegog kuwi beda soale.”
Murid wedok II :           (Angger ngomong) “Inggih, Bu. Kula malah remen !”
Murid lanang II  :           “Inggih, Bu. Leres. Kelas dados ayem tentrem mboten wonten piyambakipun.”
Bu Suci         :   “O….ngono, ta. Kenanganpa ?
Waskita seneng guyon ? Opo nggawe ribut ?”
Murid wedok 2   :          “O…boten, Bu ! Dede guyon. Mboten namung guyon.
Menawi guyon, kula sakelas inggih remen !”
Murid wedok 3   :          “Piyambakipun jahat, Bu. Jahat sanget, Bu !
Bu Suci              :          “Ah, apa iya ! Ora bocah kang jahat. Bocah sing gampan digulawenthah/dididik. Pancen kowe dudu bocah cilik maneh – nanging wisbisa diajak mikir, rembugan, lan ngerti ngendi sing ala lan becik. Dadi, Bu Suci paringi ngerti sacetha-cethane ora ana bocah kang jahat ! Umpamane nakal banget, bocah kuwi mesthi nduweni kelainan. Ning dheweke nakal, dudu jahat !”
Murid wedok III   :        “Waskita jahat utawi nakal, kula boten ngertos, Bu !
Namung piyambakipun gadhah kelainan. Remen ngepruk. Nglarani sinten kemawon.”
Bu Suci             :           “Sapa wae sing tau dipenthung utawa dilarani dening  Waskita ?”
(tangan-tangan padha ngacung)
Bu Suci            :            “Piye kedadeyane ? Apa bocah-bocah padha tukaran ? Gelutan ?
Murid lanang I    :          “Boten, Bu !”
Murid lanang II   :          “Menawi kula pancen tukaran, lajeng dipenthung !”
Raharjo              :          “Ingkang asring boten wonten ingkang dipun dadosaken persoalan/masalah, Bu. Dumadakan lajeng menthung utawi mecut. Ingkang paling remen  njegall lajeng ethok-ethok boten mangertos.”
Bu Suci             :           “ Piye oleh menthung ? Apa ngasi getihen ? Miturut peraturan, menawa ngasi getihen, kudune lapor Kepala Sekolah.”
Murid lanang I   :           “Nate sepindhah kula dipenthung, lajeng sorenipun aboh saendhog ayam, Bu !”
Bu Suci             :           “Ngendikane wong tuwamu, piye ?”
Murid lanang I  :            “Kula matur menawi dhawah, Bu.”
Bu Suci             :           “Lho ….. kok ngapusi ?”
Murid lanang I  :            “Kula ajrih menawi didukani margi tukaran teng sekolah, Bu !”
Bu Suci            :            “Sapa  maneh  sing  tau sesambungan kalawan Waskita ?
Murid lanang 4 :            “Kula dipun balangi watu ageng-ageng, Bu. Untung boten kenging. Nanging  lampu sepedha kula risak. Kula dipun dukani sasampunipun dumugi griya,”
Bu Suci           : “Kowe matur menawa Waskita sing gawe perkara ?”
Murid lanang 4 :            Kula matur menawi tabrakan kaliyan rencang.”
Bu Suci           : “Kenangapa ?”
Murid lanang 4 :            “Kula boten remen menawi Bapak damel perkawis dhateng sekolah, Bu.”
(Kelas sepi)
Murid wedok 2 :            “Langkung sae menawi Waskita boten mlebet, Bu”
(Murid-murid liyane sahut-sahutan). Nggih, mugo-mugo dheweke pindhah !”
Raharjo         :   “Langkung sae menawi piyambakipun medal, Bu. Kala riyin nggih sampun nate dipun dalaken saking sekolah.”
Bu Suci         :   “Sekolah ngendi ?”
Murid wedok 2 :            “SD swasta. Simbahipun ingkang nglebetaken dhateng mrika. Ananging kasringan mbolos lajeng dipun dalaken.”
Bu Suci        :    “Waskita nderek mbahe ?”
Murid wedok 3 :            “Rumiyin, Bu. Sampun dipun pendhet malih kaliyan Bapak/Ibunipun.”
Bu Suci           : “Dijupuk maneh ?”
Raharjo          :  “Leres, Bu.”
Bu Suci          : “Apa wong tuwane nate pindhah saka kutha liya utawa piye …….?
Raharjo         :   “Mboten ngertos, Bu !”
Bu Suci         :   “”Banjur, sapa sing menehi ngeti babagan kuwi ?
(Raharjo ora mangsuli, kabeh siswa padha meneng – Bu Suci mirsani para
siswane siji mbaka siji)
Bu Suci         :   “Kowe tau ngerti dheweke ning daleme Simbahe banjur pindhah ning daleme wong tuwane ?”
Raharjo         :   “Mboten, Bu. Kula dereng tepang nalika piyambakipun kempal Simbahipun”
Bu Suci         :   “Banjur saka sapa kowe ngerti kabeh babagan iki ?
Raharjo         :   “(meneng sedhela banjur ndeleng Bu Suci).
Waskita piyambak ingkang mungel ngaten. Menawi kimat piyambakipun dados wengis, lajeng bengok-bengok. Macem-macem ingkang dipun cariyosaken tur dipun ambali kados barang. Diuncalake mrana-mrene. Dititipake ! Apa kuwi. Setan ! Kaya barang. Aku  ora perlu kowe kabeh. Ngaten, Bu.”
Murid lanang II :            “Salajengipun nyebat Simbah kakungipun, simbah estrinipun, tiyang sepuhipun. Sedanten dipun unen-uneni ! Kula sakanca ingkang wonten celakipun kengin sabetan utawi penthungipun.”
Bu Suci         :   “Apa maneh tembung-tembung sing kawetu saka Waskita ?”
Murid wedok 1 :            “Mboten sedanten cetha, Bu. Paling-paling lajeng mungel : Aku gething ! Aku gething ! Anehipun menawi kimat ingkang dados sasaran kapisan menika Raharjo, Marno lan Denok.”
(Rini banjur nyambung ngomongane kancane sinambi nyawang kancane
sakelas)
Rini                :  “Aku iya ngono, lho ! Menawi kula tebih, kula dipun padosi kangge kenging sabetanipun.”
(Denok nylemong)
Denok           :   “Napamalih kula sakanca sing estri-estri. Kula mboten nate dolanan kalih piyambakipun.”
(Para siswa padha ngomongake kahanane Waskita. Rame. Bud Suci
mirengake adulane para siswane. Bel ngaso muni).
BABAK  III
(Waskita mlebu sekolah. Nembe sepisan iki Bu Suci ketemu Waskita. Bocah
dedeg piadege lumayan gedhe, pakulitane coklat resik, lungguh bangku dere-
tan 3 saka kiwa. Ing tengah Bu Suci nglukir papan lungguhe para siswa.
Kalebu Waskita)
Bu Suci        :    (Mirsani lan nuding bangku nomer 2 sisi tengen) Waskita, coba kowe pindhah sisih kana !”
Waskita       :    “Mboten, Bu ! Kula teng mriki mawon !”
Bu Suci       :     “Kenangapa ? (ngempet nesu, banjur prentahe marang murid liyane) Narsih pindhaha bangku mburi, cedhak Rosidhah !
(Mirsani Waskita maneh) Yen kowe ora gelem pindhah, coba apa sebabe ? Omongo ! Mesthi kowe nduwe alesan, ta ?”
(Waskita ora digubris, banjur ngatur lungguhe murid-murid liyane). Ya wis, Ibu kira, Ibu ngerti kenangapa kowe ora gelem pindhah !”
(Proses piwulangan lumaku kanthi lancar. Ngasi tumekaning wanci ngaso)
Bu Suci       :     “Raharjo, buku wacan arep dianggo kelas liyane sawise tugaso. Tulung balekno ana kantor. Ning lemari kantor. O…..ya, Waskita ! Tulung Ibu gawakake buku-buku tugas ! Ibu ora bisa nggawa dhewe kabeh !”
(Bu Suci metu tumuju nyang kantor)
BABAK   IV
(Waskita saya apik tingkah lakune. Dheweke ora ngganggu maneh kanca –
kancane. Pokoke, dheweke siswa sing paling sregep. Ananging dina iki
Waskita kumat maneh. Wiwitan ngaso)
Murid lanang   : (mlayu ngos-ngosan tumuju ruang guru) Bu Suci, Waskita kimat malih !
Ngamuk, Bu ! Terose badhe mbakar kelas !”
(Guru-guru kalebu Bu Suci mlebu Ruang Kelas )
Bu Suci          :  (ketinggalan anggone mlayu, ngos-ngosan kentekan nafas). Kenangapa kaya ngono ? Apa sing nyebabake dheweke muring-muring ? Kowe tukaran ?
Murid lanang   :             “Mboten, Bu ! Piyambakipun mboten purun istirahat. Wahyudi lan rencang-rencang ngancani, piyambakipun tetep puguh mboten purun medal. Kula lajeng nderek-nderek, inggih tetep mboten purun medal. Kula saking wingking ngertos-ngertos sampun ngamuk. Waskita bengok-bengok kados rumiyin ! Leres Bu, persis sami, Bu ! Ungele : Aku gething ! Aku gething kowe kabeh ! Kula mlebet kelas Waskita nodhongaken gunting ! Duka saking pundi ! Lajeng kula mlajar dhateng kantor !”
(Ibu Suci mlayu tumuju kelas, nyoba  ngesuk murid-murid sing nonton Waskita. Kepala Sekolah wis ana, ndukani sing padha nonton.
Waskita ngadeg ning ngarep kelas, tangane nggegem gunting sing kahanane kabukak)
Kepala Sekolah :           “Wenehake gunting kuwi, Waskita ! (suarane banter, Waskita kaget)
Ibu Suci        :   (maju ¾ langkah  ngrebut saka tangane Waskita)
“Ah, kowe ki  ana-ana wae ! saka ngendi gunting iki ! (Waskita dirangkul pundhake diajak metu saka kelas)
(Prastawa kuwi nglunturake kapitayan sekolah marang Bu Suci, ananging Bu Suci tetep kukuh mbelani Waskita supaya ora ditokake saka sekolah. Rapat dianakake kanggo mbahas prastawa Waskita kuwi)
Bu Suci        :    “Kula nyuwun wekdal  sawulan malih !”
Guru  I         :    “(Anyel, mangkel)” Sawulan ! ? Selak telas, Bu. Dereng wonten sawulan kelas sampun dipun obong. Sekolah dipun obong !”
Bu Suci       :     “Mesthi kedadosan  menika wonten gandheng cenenge kalih kahanan wonten nggriyanipun, utawi wonten sing ndamel nesu wonten kelas. Nesunipun dipun tujokaken dhateng kita, lingkungan ingkang paling celak.”
Guru  I       :      “Menawi saben nesu katujokaken kita, wah inggih repot. Menika mboten adhil. Tur malih mboten wonten ing kurikulum lan program ! Tugasipun piyambak punika mucal. Titik !
Bu Suci      :      (nyela rembug) “ngendikan babagan tugas, kula kinten tugasipun kita kalebet  nulung lare ingkang angel, gadhah kelainanKula  wiwit mudheng piyambakipun. Kula inggih yakin Waskita inggih paham kula. Namung kula taksih betah wekdal ingkang cekap.
(Mirsani Kepala Sekolah, kanthi suwara alon)
Setunggal wulan, Pak ! Kula suwun kanthi sanget ! Menawi  irah wekdal wekdal setunggal wulan mboten saged ngowahi kahanane Waskita, sumangga kersa Bapak. Kula nderek. Namung kula ngengetaken, bilih tugas kita dede ngucilaken / nyingkiri Waskita”
(Kabeh meneng. Kaya nyarujuki ngendikane Bu Suci)
(Bu Suci ninggala rapt tumuju kelas)
Bu Suci       :     “Mulai dina iki, Ibu njaluk Waskita maju ngenggone bangkune Karsih. Karsih pindhah memburi. Mulai dina iki Ibu sing tanggung jawab apa wae sing bok tindakake ana kelas.
Yen kuwi tumindak wengis lan mbilaeni awakmu dhewe, kancamu, gurumu apa sekolah, Bu Ssuci sing ditokake. Kowe semono uga !
Kowe diwenehi wektu sewulan kanggo nata lan ngapiki tumindakmu !
(Proses piwulangan lumaku kanthi lancar, kaya-kaya ora ana kedadeyan apa-apa ngasi tumekaning bel bali )
BABAK  V
(Sithik mbaka sithik Waskita dadi luwih bisa ngendhaleni tumindake. Prestasi cilik-cilikan sing diduweni Waskita ora luput saka kawigatene Bu Suci. Dina iku bel wis suwe diunekake. Bu Suci isih ana ing kantor, rada suwe, lagi lumebu ing kelas. Ing dalam, Wahyudi nyegat)
Wahyudi      :    “Waskita, Bu !”
Bu Suci        :    (kaget lan nyepetake langkah)”Ngamuk maneh ? (ngingeti Wahyudi.)
Wahyudi      :    (ngguyu ngikik).”Mboten , Bu. Tanduran kula sakanca dirisak.”
Bu  Suci      :     (unjal ambegan) “Tanduran sing ngendi ? Pot-pot ing pojok kelas ? Sisih lawang ?”
Wahyudi     :     “Sanes ! Taneman percobaan ingkang enjing wau dipun salap jendela supados kenging panas.”
Bu  Suci      :     “Dicabut ? Kabeh ?”
Wahyudi     :     “Tertembut kemawon. Dibanting kalengipun !”
(Ning njero kelas, kaleng-kaleng bekas penyok kidakan sepatu lan ditindhihi barang abot. Lemah lan rabuk ting kececer, godhong sing lagi trubus cublek)
Bu  Suci     :      (mirsani kahanan kelas banjur mirsani para siswa.
Disetitekake). “Waskita ngendi ?”
Murid lanang I  :            “Medal, Bu !”
Wahyudi           :           “Kula padosi nggih, Bu ?”
Bu Suci       :     “Ora usah, benke wae. Dheweke kudu teka kene kanthi kekarepane dhewe. Dienteni wae sedhela !”
(Suasana kelas anteng ning katon tegang. Wahyudi karo murid wedok I ngresiki lemah lan kaleng sing pating kececer).
Bu  Suci       :    “Aja ! Kanggo sauntara wektu dimbarke reget wae, ora apa-apa. Sedhela wae !”
(kalorone ngingeti Bu Suci, sajak gumun).
Bu Suci       :     “Mengko diresiki bareng-bareng.”
(Piwulangan terus lumaku, Waskita ora njedhul nganti tumekaning bel ngaso diunekake. Bu Suci jumangkah metu lan nemohake Waskita lungguh ing sapinggire kalen).
Bu Suci   :         (nyedhaki Waskita) “Ngapa kowe neng kene ?”
(Waskita meneng ora aweh wangsulan. Mripate lurus mengarep ora ngingeti Bu Suci).
Bu Suci       :     “Kawit mau saisining kelas nggoleki kowe. Kuwatir. Aja-aja  kowe ngamuk ning papan liya ! Malah ana sing kandha, kowe ora bakal mlebu sekolah maneh, saben dina ning Banjirkanal, mancing !”
(Bu Suci ndemek tangane Waskita, banjur digandheng tumuju kantor, banjur lungguh jejeran)
Bu Suci       :     “Apa kowe sadhar, menawa mentas nindakake pembunuhan rajapati ?!”
(Waskita kaget, mripate melolo karo polatan mrengut. Pengin mbantah ning ora kawetu)
Bu  Suci     :      “Bener kuwi ! Rajapati ! Kowe mbanting lang ngidek-idek tanduran sing ora nduweni dosa. Bayi-bayi tanduran kuwi sing bokpateni ! Bu Suci ora nggraita yen kowe bisa kejem lan degsiya sing kaya ngono.
Coba pikiren. Menawa kowe wis gedhe, apa kok pikir  kowe bisa dadi menungsa kang becik ?
Apa kowe bis urip ana tengah-tengahing bebrayan yen ora bis ngendhaleni hawa nafsumu ?
(Waskita ora tumungkul. Mripate ngingeti jendhela kaca. Bu Suci ora ngeculake genggeman tangane)
Bu Suci       :     “Coba critakno, apa sing wis kedadeyan ?”
(Waskita isih bungkem)
Bu  Suci      :     (ngeculake genggeman tangane, banjur nyekeli raine Waskita, supaya bisa mandeng mripate)
“Aku pengin krungu sebabe, kenangapa kowe tumindak kaya ngono. Bocah-bocah liyane wis crita, nanging dheweke dudu kowe. Pikirane beda karo pikiranmu !”
(Waskita mandeng Bu Suci sedhela, banjur tumungkul maneh)
Waskita     :      “Kanca-kanca ngenyek kula, Bu !”
Bu Suci      :      “Yen pancen tanduranmu kuwi ora subur, ora perlu isin ngakone kanyatan sing mengkono. Piye sing satemene ? Subur  apa ora ?
(Waskita ora mangsuli lan ora ngingeti Bu Suci)
Bu Suci         :   “Takenteni wangsulanmu ! Miturutmu, tanduranmu subur apa ora ?”
(Waskita tetep meneng. Awake saja ora anteng. Bokonge diingar-ingerake. Sikile  usil ning ngisor meja)
Bu Suci        :    “Ora ana wong sing apik utawa pinter utawa trengginas sembarang kalire. Kowe  trampil ana babagan tukang, otakmu encer – cerdas. Apa kuwi  durung cukup ? Yen kepengin mbales kancamu aja ngidek-idek tanduran. Kudu nduweni prestasi. Sregep sinau. Yen rumangsa ora bisa ana babagan tetanduran lan olah tetanan, goleki sebab musababe ? Aja nglokro. Ngisin-isino banget !
(Waskita mlengak, ngingeti Bu Suci )
Bu Suci        :    “Kowe kasil entuk lem-leman dening para guru lan Kepala Sekolah. Iki kudu bokugemi ! Aja malah ndadekake saisining kelas wedi karo tumindakmu !
(Bu Suci ngadeg) Ayo, mlebu kelas ! Kowe ninggalake kelas kanthi kahanan semrawut. Nanging  kanca-kancamu pingin ngresiki kelas kanggo kowe ning Ibu larang, Ibu yakin,  yen mengko kowe nyapu jogan mesthi ana siang ngrewangi tampa dikongkon”
(Waskita ngadeg. Waskita lan Bu Suci mlebu bareng tumuju kelas. Ngumbarake ati lan rasa pangrasa kekarone padha sinambungan siji lan sijine).
Coba bandhingake klawan novel asline. Kalorone  padha-padha nyritakake babagan paraga, plot, lan latar kang padha. Nanging  ana sajroning drama, pacelathon luwih akeh, tinimbang deskripsi, urung wae konflik tetep krasa.
Langkah/utawa carane ngowahi teks novel dadi teks drama :
1)      “Menghayati” tema/liding crita novel. Tema kuwi ide/gagasan pokok sing didadekake landhasan critaning babagan tertemtu.
2)      Novel diperang-perang/bagi kanggo diowahi dadi babak. Novel biyasane kaperang saka bab-bab. Nah, bab-bab iki bisa didadekake babak sing ngemot prastawa penting/pokok sing dadi landhesaning crita.
3)      Nyusun pacelathon adhedhasar konflik antaraning peraga siji lan sijine. Para paraga ana sajroning novel biyasane dironce dadi prastawa kang nduweni konflik-konflik. Konflik-konflik sing dumadi antaraning paraga iki diowahi dadi pacelathon.
4)      Nggawe deskripsi.panjelasan kanggo nyethakake latar, akting, lang lighting.
Struktur drama kang lengkap kaya ing ngisor iki :
1)      Plot / rangka crita
2)      Paraga lan perwatakan /  sipate
3)      Pacelathon / tembung-tembung sing dianggo
4)      Latar
5)      Tema
6)      Amanat / pesen
V. Pendalaman Materi
A.   Tuladha drama ing ndhuwur pratikno karo kelompokmu !
B.   Gawanen naskah / teks drama sing bisa kokjupuk saka cerkak / novel !
C.   Wenehana tandha ping ana aksara a, b, c, d, utawa e kang paling bener!
1.  Ing ngisor iki carane nulis setting, kajaba ….
  1. Nganakake pengamatan ana sajroning kahanan/wilayah kang dikarepake.
  2. Cathet babagan-babagan kang penting yen upamane didadekake ana sajroning panggung.
  3. Tulisen setting sacara komplit ana buku/kertas sajroning ± 15 menit.
  4. Wacanen ana ing ngarep kelas
  5. Nganakake diskusi ana ngendi wilayah kang arep didadekake setting
2.  Jam 11.00 wengi. Sepi nyenyet kiwa tengene.
Ruang tamu sing sedherhana. Meja kursi saprangkat. Buffet cilik cekli kanggo nyimpen bala pecah. Ana radhio tape ing ndhuwure buffet. Kertas-kertas asil koreksian ulangan ting blasah ana sadhuwure meja tamu …..
Ing ndhuwur kuwi tuladhane yen arep nggawe …
  1. Antawacana
  2. Andharan
  3. Setting
  4. Paraga
  5. Lelakon
3.  Langkah menawa arep nggawe teks drama kaya ing ngisor iki kajaba ….
  1. “Menghayati” tema/liding crita novel. Tema kuwi ide/gagasan pokok sing didadekake landhasan critaning babagan tertemtu.
  2. Novel diperang-perang/bagi kanggo diowahi dadi babak. Novel biyasane kaperang saka bab-bab. Nah, bab-bab iki bisa didadekake babak sing ngemot prastawa penting/pokok sing dadi landhesaning crita.
  3. Nyusun pacelathon adhedhasar konflik antaraning peraga siji lan sijine. Para paraga ana sajroning novel biyasane dironce dadi prastawa kang nduweni konflik-konflik. Konflik-konflik sing dumadi antaraning paraga iki diowahi dadi pacelathon.
  4. Nggawe deskripsi.panjelasan kanggo nyethakake latar, akting, lang lighting.
  5. Migatekake tembung-tembung kang arep dianggo numapaki sajroning klimaks
4.  Ing ngisor iki struktur drama kang komplit, kepriye urut-urutane?
  1. latar
  2. tema
  3. paraga lan perwatakan
  4. pacelathon
  5. amanat
  6. plot
  7. 1-2-3-4-5-6
  8. 6-3-4-1-2-5
  9. 6-4-5-1-2-3
  10. 1-2-5-4-3-6
  11. 2-1-3-4-5-6
(Sithik mbaka sithik Waskita dadi luwih bisa ngendhaleni tumindake. Prestasi cilik-cilikan sing diduweni Waskita ora luput saka kawigatene Bu Suci. Dina iku bel wis suwe diunekake. Bu Suci isih ana ing kantor, rada suwe, lagi lumebu ing kelas. Ing dalan, Wahyudi nyegat)

Wahyudi      :                  “Waskita, Bu !”
Bu Suci        :                  (kaget lan nyepetake langkah)”Ngamuk maneh ? (ngingeti Wahyudi.)
Wahyudi      :                  (ngguyu ngikik).”Mboten , Bu. Tanduran kula sakanca dirisak.”
Bu  Suci      :                   (unjal ambegan) “Tanduran sing ngendi ? Pot-pot ing pojok kelas ? Sisih lawang ?”
Wahyudi     :                   “Sanes ! Taneman percobaan ingkang enjing wau dipun salap jendela supados kenging panas.”
Bu  Suci      :                   “Dicabut ? Kabeh ?”
Wahyudi     :                   “Dipun jabut  kemawon. Dibanting kalengipun !”
(Ning njero kelas, kaleng-kaleng bekas penyok kidakan sepatu lan ditindhihi barang abot. Lemah lan rabuk ting kececer, godhong sing lagi trubus cuklek)
Bu  Suci     :                    (mirsani kahanan kelas banjur mirsani para siswa.
                                       Disetitekake). “Waskita ngendi ?”
Murid lanang I  :            “Medal, Bu !”
Wahyudi           :             “Kula padosi nggih, Bu ?”
Bu Suci       :                   “Ora usah, benke wae. Dheweke kudu teka kene kanthi kekarepane dhewe. Dienteni wae sedhela !”
(Suasana kelas anteng ning katon tegang. Wahyudi karo murid wedok I ngresiki lemah lan kaleng sing pating kececer).
Bu  Suci       :                  “Aja ! Kanggo sauntara wektu dimbarke reget wae, ora apa-apa. Sedhela wae !”
(kalorone ngingeti Bu Suci, sajak gumun).

Bu Suci       :                   “Mengko diresiki bareng-bareng.”
(Piwulangan terus lumaku, Waskita ora njedhul nganti tumekaning bel ngaso diunekake. Bu Suci jumangkah metu lan nemohake Waskita lungguh ing sapinggire kalen).
Bu Suci   :                       (nyedhaki Waskita) “Ngapa kowe neng kene ?”
(Waskita meneng ora aweh wangsulan. Mripate lurus mengarep ora ngingeti Bu Suci).
Bu Suci       :                   “Kawit mau saisining kelas nggoleki kowe. Kuwatir. Aja-aja  kowe ngamuk ning papan liya ! Malah ana sing kandha, kowe ora bakal mlebu sekolah maneh, saben dina ning Banjirkanal, mancing !”
(Bu Suci ndemek tangane Waskita, banjur digandheng tumuju kantor, banjur lungguh jejeran)
Bu Suci       :                   “Apa kowe sadhar, menawa mentas nindakake pembunuhan rajapati ?!”
(Waskita kaget, mripate melolo karo polatan mrengut. Pengin mbantah ning ora kawetu)

5.  latar kedadeyan crita ing nduwur ana ing ….kajaba….
  1. Sekolah b. Kelas            c. Kantor          d. Pinggir kalen e. Pawiyatan
6. Ing ngisor iki watak-wantuning Bu Suci, kajaba ….
  1. Sareh
  2. Gemati
  3. Sayang marang siswa
  4. Gumedhe
  5. Ora sembrana
7. Dene wataking Waskita yaiku …kajaba ….
  1. Gampang nesu
  2. Cengkiling
  3. Ora sabar
  4. Nariman
  5. Bandhel
8. Konflik sing dumadi ana punggelan crita drama kasebut diarani…
  1. Konflik pribadhi b. Konflik lahir  c. Konflik batin
d. Konflik njaba                   e. Konflik antarparaga
9. Paraga drama guneman dhewe, kanggo ngandharake kahanan kang dumadi diarani ….
  1. Dialog               b. Prolog           c. Epilog           d. Monolog        e. Katalog
10. Dene ana ing pungkasaning crita biyasane ana andharan/deskripsi naskah, kuwi diarani….
  1. Dialog               b. Prolog           c. Epilog           d. Monolog        e. Katalog


SOAL SEMESTER 1 KLAS XII
I   Wenehana tandha x  ing wangsulan sing
    bener!
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!

Kanggo ngleluri basa lan budaya jawa,  prayoga wong Jawa uga tansah ngopeni                 basane, sastra dalasan budaya mau, supaya ora kelangan kajene Wong Jawa. Bangsa manca wae akeh sing padha nyinau bab iki, lha kok malah awake dhewe nyingkur. Jarene kuna, kolot, tradhisional. Iku panemu kang ora bener. Ora kena isin lan mindher rikala migunakake Basa Jawa. Kudune malah bombong  amarga manut asil panaliten saka UNESCO, pranyata Basa Jawa nglungguhi urutan kang kaping  11 ing antarane ”Bahasa-Bahasa Besar  di Dunia“ mangkono manut andharane Bapak DR. M. Sudi  Yatmana salah sawijining pakar  basa Jawa saka Semarang  Panaliten mau lelandhesan marang:
  •  Originalitas
  •  Kelengkapan perangkat bahasa
  •  Jumlah  penutur aktif
  •  Fleksibilitas
Malah ing wektu katemben, Basa Jawa ditetepake dadi  Bahasa Ibu Internasional dening PBB lumantar Deklarasi Paris Rikala taun 2000 kepungkur, kang dipengeti kanthi nggelar upacara “Peringatan Hari Bahasa Ibu Internasional”  (PHBII)
1.Sapa sing ngadani panaliten mau……..
  1. UNESCO
  2. DR. M Sudi Yatmana
  3. PBB
  4. PHBII
  5. Deklarasi Paris
2. Endi ukara-ukara ing ngisor iki kang ora jumbuh
karo isine wacana ing ndhuwur ?
  1. Basa Jawa kalebu Bahasa besar ing
ndonya
  1. Basa Jawa dadi Basa Ibu Internasional
  2. Basa Jawa kalebu basa sing kuno, kolot
lan tradisional
  1. Basa Jawa nglungguhi urutan kang kaping 11
  2. Kudu bombong lan ora mindher migunakake basa Jawa
3. Basa Jawa katetepake dadi Basa Ibu Internasional lelendhesan marang sakehing bab kang ana ing ngisor iki , kajaba….
  1. Wujud basane asli
  2. Jumlahe penutur aktif
  3. Luwes
  4. Ora ana undha usuking twmbung
  5. Paramasastra lan unggah-ungguhing basa jangkep
Wacana pacelathon ing ngisor iki kanthi patitis!
Henu  : Pak..(4)..Ibu, Bapak badhe..(4)..Jakarta?
Bapak : Iya, suk Setu Bapak arep ningJakarta.
Henu  : Ibu..(4).. punapa boten?
Bapak : Ora, wong iki urusan kantor. Ibumu ya
tetep..(5).. kantor.
Henu  : O, kula kinten Bapak lan Ibu sekaliyan.
Bapak : Hen, sesuk tukokna tiket sepur ing
stasiun  ya!
Henu  : Bapak badhe ..(5).. sepur ingkang
punapa?
Bapak : Ya apike..(5).. numpak sepur apa ya?
Senja Utama apa Fajar Utama, apa sing
endi Hen?
Henu  :..(6).. Kamandanu kemawon, wonten AC
nipun, tur Bapak enggal dumugiJakarta
dados Bapak saged ngaso rumiyin
Ibu     : Ana apa kok sajake seriyus temen?
Henu  : Niku lho Bu, benjang Setu Bapak
badhe..(6)..Jakarta. Saenipun rak..(6)…
Kamandanu supados bapak boten sayah.
Ibu     :  Pinter kowe Hen,wisbisa mikirke Bapak.
Ibu mau ya w is..(7).. Bapak supaya..(7)..
sepur sing apik tur kepenak.
Bapak : Ya yen ngono. Malem minggu..(7)..
Bapak ya!
4. Ukara gothang ing ndhuwur bias dijangkepi karo tembung ing ngisor iki!
  1. ngendikane, tindak, ndherek
  2. Ukara gothang ing ndhuwur bisa dijangkepi karo tembung ing ngisor iki!
  1. ngendikanipun, tindak, ndherek
  2. kandhane, kesah, melu
  3. aturipun, kesah, ndherek
  4. ngendikanipun, tindak, melu
  1. lunga, numpak, numpak
  2. kesah, nitih, nitih
  3. tindak, numpak, nitih
  4. kesah, numpak, numpak
  5. tindak, nitih, numpak
Ukara gothang ing ndhuwur bisa dijangkepi karo tembung ing ngisor iki!
  1. nitih, kesah, nitih
  2. nitih, kesah, numpak
  3. nitih, tindak, nitih
  4. numpak, tindak, numpak
  5. numpak, kesah, numpak
Ukara gothang ing ndhuwur bisa dijangkepi karo tembung ing ngisor iki!
  1. matur, nitih, ndherekke
  2. matur, numpak, ndherekke
  3. kandha, nitih, ndherekke
  4. ngendika. nitih, ndherekke
  5. kandha, numpak, ndherekke
8. A : “ Sinten asma penjenengan?”
B : “ …….kula Asih Pratiwi.”
Ukara gothang ing ndhuwur kudune diisi tembung ….
  1. nama
  2. asma
  3. jeneng
  4. sesilih
  5. nami
9.  Sarjaka    : “Sugeng siyang, Pak!”
Pak Joko  :“Sugeng siyang….! O, kowe Sar.
Ana apa? Kok njanur gunung.”
Sarjaka    : “Nuwun inggih Pak, keparenga kula
nyuwun priksa.”
Pak Joko :“Oh, arep takon bab Ramayana?”
Sarjaka    :……………………………………
Wangsulane Sarjaka yaiku…
  1. Lho kok ngerti ta, Pak
  2. Nuwun sewu, kok panjenengan pirsa
  3. We, lha kokwisngerti
  4. Lha nggih niku Pak
  5. Anu Pak bab wayang
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis! (soal no 10-12)
Pemimpin Sing Becik
       Watak pemimpin lan panguwasa iku mesthi hak lan kuwajibane antuk palilah saka nduwurane supaya ngayahi pakaryan kang wus katentokake manut layang kekancingan. Pemimpin kudu nduweni watak ambapa, tegese bisa dadi panutan, tuladha lan ditresnani dening kawula cilik.
Pemimpin utawa panguwasa sing ambeg ambapa yaiku:
  • Gedhe pangapurane, tegese yen andhahane
  • Luput kudu dibenerake lan diwenehi pangapura.
  • Basa kedaling ucap kudu patitis, alus lan manis.
  • Solah tingkahe bisa ngenaki sarta duwe watak ambapa.
10. Pemimpin sing becik kang nduweni watak       “ambapa” tegese…
  1. Pinter
  2. Pemimpin sing dadi pangayomane andhahan
  3. Pemimpin sing sugih bandha
  4. Pemimpin sing gelem ngalah
  5. Pemimipin sing sregep
11. Ing ngisor iki cirine pemimpin sing ambapa       kajaba…..
  1. Gedhe pangapurane
  2. Basane patitis, alus, lan manis
  3. Solah tingkahe sarwa ngenaki ati
  4. Ngatonake kapinterane
  5. Welas asih marang andhahan
12. Yen andhahan salah anggone nindakake        pakaryan, pemimpin sing becik iku….
  1. Mbenerake lan ngandhakake lupute
  2. Kudu diluputake
  3. Didukani jalaran ora nggatekake
  4. Dienengake bae
  5. Dietokake anggone nyambut gawe
13. Layang kang isine netepake sawijining wong
dadi pimpinan iku diarani…….
  1. Layang kekancingan
  2. Layang undhangan
  3. Layang perintah
  4. Layang sedhahan
  5. Layang lamaran
14. Pemimpin iku kudu dadi tuladha sing becik
marang andhahane, iku jumbuh karo unen-
unen….
  1. Ing madya mangun karsa
  2. Tut wuri handayani
  3. Adigang, adigung, adiguna
  4. Gajah ngidak rapah
  5. Ing ngarsa sung tuladha
15. Pemimpin sing gawe aturan nanging banjur
dilanggar dhewe jumbuh karo unen-unen….
  1. Sapa nandur ngundhuh
  2. Adigang, adigung, adiguna
  3. Gajah ngidak rapah
  4. Sapa salah bakal seleh
  5. Sepi ing pamrih rame ing gawe
16. Pak Brata sawijining pemimpin sing banget
diajeni jalaran ngendikane kepenak, apa
maneh yen janji mesthi ora mblenjani, ora
gawe seriking liyan. Pratelan iku jumbuh karo
unen-unen…….
  1. Sapa nandur ngundhuh
  2. Jer basuki mawa beya
  3. Becik ketitik ala ketara
  4. Ajining dhiri saka lathi
  5. Ajining raga saka busana
17. Sepi ing pamrih rame ing gawe  tegese…
  1. a.   Ngendelake kekuwatane
  2. b.   Ngatonake panguwasane
  3. c.   Pemimpin sing nerak marang wewalere
dhewe
  1. d.   Sengkud nyambut gawe tanpa duwe pamelik kanggo awake dhewe
e. Duwe anggap kumalungkung
Pramuka Wadhah Dolanan
kang Ngemu Pendhidhikan
      Pramuka bisa dadi wadhah dolanan sing universal, sabab ing sajroning kegiyatane tinemu pendhidhikan maneka warna. Manut L.B. Powel, pramuka kuwi dudu ilmu pengetahuan sing kudu disinau kanthi mempeng, uga dudu kumpulaning doktrin lan teks, nanging minangka dolanan sing nyenengake ing alam bebas. Bisa nindakake petualangan bebarengan, bisa gawe sehat lan seneng lair batine, trampil ing kegiyatan positif liyane Pramuka uga ndhapuk kapribaden, olah piker lan kaprigelan kang ora diduweni dolanan-dolanan modern saiki. Dolanan modern saiki mung kari nggawe, tanpa mikir kepriye carane kanggo mbeberake kreatife bocah kuwi dhewe.
18. Kegiatan pramuka kuwi umume asipat….
  1. Individual
  2. Materialistik
  3. Egois
  4. Social
  5. Religius
19. Dolanan ing kepramukaan kuwi luwih       diutamake dolanan praktis kang ndhapuk rasa      dhisiplin, patriotic lan mantepake mental       kanggo urip ing tembe mburi. Kegiatan-kegiatan mau kaya ing ngisor iki kajaba…
  1. Kemah
  2. Camping
  3. Lomba tingkat
  4. Penjelajahan
  5. Wejangan manut ibu bapak
20. Pramuka bisa ngemot kegiyatan apa bae       marga pramuka kuwi mujudake wadhah       kegiyatan sing….
  1. Individual
  2. Universal
  3. Modern
  4. Religius
  5. Bebas
bt[lL[%]si[dnSusi[lo*mB=yu[do
[yo[notinFkNgr[lonF
?mesQi[n[dkT=gl\:6:O[kTobe/:2010: wizi,[8]si[dnWisTeknNgr[lonF,spe/lu[nomPnsKhpeverhHnKedaultTnK=fi[t[kn\;27:[d[smBe/:1949:
?nzi=riklpeswtSiypSiypH=gegn,fumfkK[nP]si[dnHmBtlL[kkuvJuznKsebut\,pwf[n:[pfhap[yn\ r,m,$, ai[z][cokKiknQitunTutTnPezdilnSpe/lun=ke[pP]si[d[nRpubLik\I[nDo[nsiyh.rtu[*#]i@Gel,lnKlznPezmtSm/yenKe
putusSnMaubisavJlrihubu=zn\ I[nDo[nsiyhlnNegrw[lonF.
21. Kapan kudune Presidhen tindak menyang
Negara Landa?
  1. 7 Oktober 2010
  2. 6 September 2010
  3. 8 Oktober 2010
  4. 6 Oktober 2010
  5. 7 September 2010
22. Apa perlune presidhen tindak menyang       Negara Landa?
  1. NampaNaskah Penyerahan Kedaulatan
  2. Ngrawuhi KTT
  3. Mengeti madege RMS ing Negara Walanda
  4. Ngadani Panaliten ing Nagara Landa
  5. Ngrembug Pertukaran mahasiswaIndonesiaing nagara Landa
23. Apa alasane Presidhen mbatalake      kunjungane?
  1. Marga sayap pesawate sisih kiwa mati
  2. Mesin pesawt rusak
  3. Marga NegaraIndonesianembe nandang sungkawa
  4. Marga RMS nggrecoki arep nuntut pengadilan marangPresidenRI
  5. Presidhen RMS paring undhangan marang Presiden
24. Sapa asmane Ratu saka Negara Landa?
  1. Ratu Elizabert
  2. Ratu Betrix
  3. PutriMonaco
  4. Putri Diana
  5. Ratu Fellipe
25. Presidhen mbatalake kunjungan nalika pesawt
siap nggegana. ”Nggegana “ yen tinulis mawa       aksara jawa……
a     gegn
b.   a=gegn
c. zGegn
d. zegn
e. azegn
26. Sri Susuhunan Buwana IX yen tinulis mawa
aksara jawa ……
  1. a.      $]isusuaunnPkubuwn:9:
  2. b.      $]i$usuaunn%kubuwn:9:
  3. c.      $]i$u$uau!!%@u*uw!:8:
  4. d.      $]isusuaunnPkubuwn:8:
  5. e.      $]i$u$uau!!%@u*uw!:9:
 27. Bubar mancing banjur mulih
  1. a.        bub/mnCi=bnJu/mulih
  2. b.        bub/mvCi=bvJu/mulih
  3. c.        bub/mvCi=bvJu/mu[lh
  4. d.        bub/mvCi=bnJu/mulih
  5. e.        bub/mvi=bvu/mulih
28. @=j=e%[zr!\Adi%#iA/ym=@u!&r:4:
  1. Kanjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV
  2. Kangjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV
  3. Kangjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV
  4. Kanjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunegara V
    1. Kangjeng Pangeran Adipati Arya                 Mangkunagara V
29. Padha ngraketake kekadangan iku luwih       becik. Tembung kang kagaris ngisor yen       ditulis nganggo aksara jawa….
  1. a.            kekfzn]
  2. b.            kkfzn]
  3. c.            kekf=zn\
  4. d.            kkf=zn\
  5. e.            kkd=zn\
30. Akeh bangsa manca sing nyinau basa jawa,       tembung kang kagaris ngisor yen ditulis       nganggo aksara jawa….
  1. a.                          b=smnC
  2. b.                           b=smvC
  3. c.                          [bo=s[movC
  4. d.                          b=s[movC
  5. e.                          [bo=smvC
  6. 31.        mnTnWkil[P]si[d[nPri[yod:2004:  :2009: ….
a. *udi[yo[no
  1. b.            [m&wti
c. #]isut]i[sNo
  1. d.            Ans]U/bni=rum\
e. yusup+\klL





Wacanen pasrah manten ing ngisor iki! (soal nomer 32-36)
Nuwun,
Winantu ing kawilujangan
Kairing sagunging pakurmatan,
Ibu miwah Bapak Sosro Kartono dalah putra putri dalasan sagung kulawarga punapa dene para rawuh.
Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Hariwisnu , ingkang anyulihi Ibu tuwin Bapak Sosro Kartono, amasrahaken pengantin kakung, keparenga kula matur minangka sesulihipun Ibu saha Bapak Haryo Wicaksono, kula kadhawuhan tampi pasrahing pengantin kakung.
Pramila keparenga amratelakaen bilih ing samangke, pengantin kakung kula tampi kanthi sae andadosaken suka bingahing manah, saha sumangga sami muja muji syukur konjuk ing Hyang Murbeng Gesang.
Salajengipun pangantin kakung badhe sarimbit kaliyan pengantin putri dumungkap upacara candhakipun. Kula nyadhong pangaksami mbokbilih wonten kekirangan saha kaladuking panampi.
Nuwun.
32. Nitik isine, sesorah ing ndhuwur kalebu       sesorah…
  1. Pasrahing pengantin kakung
  2. Tampi pasrahing pengantin kakung
  3. Wasitatama
  4. Ular-ular
  5. Medharsabda
33. Pasrahing pengantin lumrahe katindakake       dening …
  1. Pengantin kakung putri
  2. Pengantin putri
  3. Pengantin kakung
  4. Tiyang sepuh pengantin putri
  5. Sesulih pengantin putri
34. Sapa Ibu dalah Bapak Sosro Kartono?
  1. Tiyang sepuh pengantin kakung
  2. Tiyang sepuh pengantin putri
  3. Penganten kakung
  4. Sesulih pemasrah penganten kakung
  5. Sesulih panampi pasrah
35. Sapa Ibu tuwin Bapak Haryo Wicaksono?
  1. Tiyang sepuh pengantin kakung
  2. Tiyang sepuh pengantin putri
  3. Penganten kakung
  4. Sesulih pemasrah penganten kakung
  5. Sesulih panampi pasrah
36. Sapa Bapak Hariwisnu?
  1. Tiyang sepuh pengantin kakung
  2. Tiyang sepuh pengantin putri
  3. Penganten kakung
  4. Sesulih pemasrah penganten kakung
  5. Sesulih panampi pasrah
Raden Tetuko
        Wau ta, satriya ing Pringgondani kang asesilih Raden Tetuko. Eling-eling putra panenggake Pandawa dalah kang Ibu Dewi Arimbi. Yekti satriya kang gagah prakosa, sakti mandraguna. Prasasat otot kawat balung wesi sungsum gegala, ora tedhas tapak palune pandhe sisane gurenda, yen tinitah mendat kalamun jinara menter.
Panjenengane duwe sanjata peparinge Dewa kang awujud: Caping Basunanda, kalamun den watek udan nora kodanan kalamun panas datan kepanasan. Kotang Antakusuma kang daya kasantikane bisa ngambah dirgantara kang tanpa elar. Kasut Pada Kacerma  kang darbe daya pangaribawa bisa mletik kang tanpa suthang.
………………………………………………37. Sapa sejatine Raden Tetuko?
  1. Raden Janaka
  2. Raden Werkudara
  3. Raden Gathotkaca
  4. Raden Antareja
  5. Raden Abimanyu
38. Panjenengane putra panenggake Pandhawa.
Sapa panenggake Pandhawa?
  1. Raden Puntadewa
  2. Raden Werkodara
  3. Raden Janaka
  4. Raden Nakula
  5. Raden Sadewa
38. Sapa asma kang Ibu Raden Tetuko?
  1. Dewi Arimbi
  2. Dewi Nagagini
  3. Dewi Gangawati
  4. Dewi Ambika
  5. Dewi Ambalika
39. Raden Tetuko kaparingan sanjata saka Dewa      cacah pira?
a. 1       b. 2       c. 3       d. 4       e. 5
40. Raden Tetuko patute bisa mlumpat adoh       nadyan ora duwe suthang marga daya       kasantikane sanjatane kang aran….
  1. Caping Basunanda
  2. Gada Rujak Pala
  3. Kembang Wijayadanu
  4. Kotang Antakusuma
  5. Kasut Pada Kacerma
41. Ing carita carangan Laire Jabang Tetuko, ora       ana kang bisa nigas tali pusere jabang Tetuko      kajaba warangka sanjata kang aran…..
  1. Pasopati
  2. Kaladite
  3. Cundhamanik
  4. Kunta Wijayandanu
  5. Ardhadhedali
Perangan crita wayang ing ngisor iki wacanen! (Soal nomer 42-44)
Dadine Tlaga Mandirda
(Cupu Manik Astagina)
Ana resi gentur tapane jenenge Resi Gotama, mapan ing Agrastina. Kagungan sisihan widadari ayune pilih tandhing aran Dewi Windradi.
Kaparingan momongan telu yaiku Dewi Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi. Wektu semana uripe Resi Gotama lan Dewi Windradi tansah ayem lan tentrem.
Kocapa ing sawijining dina kaloro anak lanange sowan ramane nyuwun priksa dene mbakyune Dewi Anjani  duwe dolanan Cupu Manik kang bisa kanggo ndeleng donya saisine. Sanalika Resi Gotama kanepson marga ngira garwane isih sesambungan karo Bethara Surya.  Dewi Windradi  ditakoni mung mbisu wae. Malah ndadekake muntabe Resi Gotama. Pungkasane kang garwa disotake malih dadi watu nuli ditendhang tumeka alas Dhandhaka.
Putra-putrine banjur nangis, njalukake pangapura. Emane beraswisdadi bubur, Dewi Windradi bisa malih manungsa maneh mbesuk yen ana Perang Pandhe Negara Ngalengka. Cupu Manik banjur dibuwang menyang alas, ora dinyana playune nyemplung ing tlaga kang banyune kinclong-kinclong. Playune Cupu pijer dioyak dening anake nganti direwangi nyemplung lan slulup. Bareng ora ketemu nuli mentas nanging leloronewismalih dadi kethek malah padha gelut adu kasekten. Mangkana uga Dewi Anjani kang teka keri, saking panase dheweke enggal-enggal wisuh lan raup. Kaya ngapa kagete dene raine lan tangane thukul wulu kaya kethek. Dewi Anjani banjur ngerti sapa sing lagi perang tandhing ora liya kakange kangwismalih rupa dadi kethek.
………………………………………………42. Wacana ing nduwur  kalebu carita        pewayangan….
  1. Mahabharata
  2. Ramayana
  3. Wayang Golek
  4. Wayang Krucil
  5. Sendratari
43. Kang njalari Resi Gotama muntab  kanepson        ana ing ngisor iki kajaba…
  1. Marga ngira garwane ana sesambungan karo Bethara Surya
  1. Marga dolanan kuwi sing nduweni Bathara Surya
  2. Marga garwane mung mbisu wae nalika ditakoni
  3. Marga Dewi Windradi tilas kekasihe Bethara Surya
  4. Marga anake duwe dolanan apik       nanging Resi Gotama ora mangerteni
44. Apa amanat  kang bisa dipethik saka crita ing      ndhuwur?
  1. Aja seneng melik darbeke liyan
  2. Aja nduweni tresna kang tumanja
  3. Aja nuduhake rasagela
  4. Aja pisan-pisan natoni atine liyan
  5. Aja mratingkah sakarepe dhewe
Pak Hermanto kagungan anak 5. Kalima anake wadon kabeh. Pak Wangsa peputra 3 sing karan sendhang kapit pancuran. Marga jaman sansaya maju anjurane pamarentah  duwe anak 2 kuwi cukup, lanang wadon padha wae. Manut gugon tohon salugune, bocah-bocah mau kalebu bocah sukerta sing cedhak karo Bethara Kala.
45. Putra 5 wadon kabeh iku diarani……
a.    Pandhawa
b.    Pancagati
c.    Sarimpi
d.    Kembang Sepasang
e.    Gotong mayit
46. Dene kang aran sendhang kapit pancuran…..
a.   Anak 3 lanang kabeh
b.   Anak 3 wadon kabeh
c.   Anak 3 sing wadon ing tengah
d.   Anak 3 sing lanang ing tengah
e.   Anak 3 sing mbarep lanang
47. Anak 2 lanang kabeh aran….
a.    Kembang sepasang
b.    Kedhana kedhini
c.    Kembar dhampit
d.    Uger-uger lawang
e.    Sarimpi
48. Ing mangsa iki ora ana wong padha kringeten
marga mangsa bediding akeh wong padha
kadhemen. Manut candrane kaanan alam
mangsa iki kasebut….
a.   Anjrah jroning kayun
b.   Sotya sinarwedi
c.   Tirta sah saking sasana
d.   Suta manut ing bapa
e.   Bantala rengka
49. Gugon tuhon kang isi pitutur sinandi iku
lumrahe kekanthenan tembung ora ilok sing
teges satemene ora apik. Ing ngisor iki sing
ora kalebu gugon tuhon pitutur sinandi…..
a.   Kudhungan kukusan
b.   Lungguh bantal
c.   Lungguh tengah lawang
d.   Sumur ing ngarep omah
e.   Lelungan ing dina senin
50. Sakehing tembung ana ing sakawit duwe
teges rowa nanging saiki duwe teges mligi
marga panyusutan makna. Sing kalebu
penyusutan makna ana ingngisor iki kajaba
a.   Operasi caesar
b.   Dosen
c.   Pandhita
d.   Suster
e.   Germo
II   Wangsulana pitakon- pitakon ing ngisor iki
     kanthi patitis!
1. Gaweya sesorah atur pasrah pangantin bab
surasa / isine wae!
 Raden Tetuko
        Wau ta, satriya ing Pringgodani kang asesilih Raden Tetuko. Eling-eling putra panenggake Pandawa dalah kang Ibu Dewi Arimbi. Yekti satriya kang gagah prakosa, sakti mandraguna. Prasasat otot kawat balung wesi sungsum gegala, ora tedhas tapak palune pandhe sisane gurenda, yen tinitah mendat kalamun jinara menter.
Panjenengane duwe sanjata peparinge Dewa kang awujud: Caping Basunanda, kalamun den watek udan nora kodanan kalamun panas datan kepanasan. Kotang Antakusuma kang daya kasantikane bisa ngambah dirgantara kang tanpa elar. Kasut Pada Kacerma  kang darbe daya pangaribawa bisa mletik kang tanpa suthang.
……
2.  Ceritakna  wacana Raden Tetuko ing ndhuwur  kanthi bebas  nganggo basamu  dhewe,  singbakuinti critane kecandhak!
3. Latinke aksara jawa ing ngisor iki!

SOURCE : https://ngleluribasajawa.wordpress.com/2011/05/25/modul-basa-jawa-kelas-xii-semester-1-3/ 

Comments

Popular posts from this blog

Kebugaran Jasmani Beserta Unsur - Unsurnya

MENGENAL DEPRESI